+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 9 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani

I Para Raja 14:1-8; Jabur 50:1-6; I Timoteus 1:12-20

PANGUCAP SOKUR

“Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,”

lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.”

 (1 Timoteus 1: 15)

Rasul Paulus paring piwulang dhumateng Timotius. Gesangipun kebak ing pamuji sokur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sih kamirahanipun Gusti Allah punika ngewahi gesangipun Rasul Paulus ingkang swaunipun sengit, ngala-ala, nganiaya lan mejahi dhateng sintena kemawon ingkang ndherek lan nampi Gusti Yesus. Rasul Paulus ngrumaosi, ngakeni bilih gesangipun punika kebak dosa. Ewasemanten karentahan sih palimirmanipun Gusti Allah wonten ing Sang Kristus, ingkang karsa nebus lan ngresiki sakathahing dosanipun, matemah nampi karahayon lan gesang langgeng. Punika Sihipun Allah ingkang saestu ageng ingkang katampi ing gesangipun Rasul Pulus, ingkang mbereg gesangipun Rasul Paulus kebak ing pamuji sokur wonten ing ngarsanipun Gusti.

Rawuhipun Gusti Yesus wonten ing jagad punika saperlu mitulungi rahayu marang tiyang dosa, inggih manungsa. Wiwit Adham lan Kawa dhumawah ing dosa, sedaya manungsa kecalan karahayon. Gesangipun kawengku ing dosa lan pejah. Manungsa kanthi kekiyatanipun piyambak mboten saged ngluwari dhiri piyambak saking panguwaosipun dosa, lan pituwasipun dosa punika pati. Manungsa saged uwal saking dosa lan pati, menawi pikantuk sih katresnanipun Allah wonten ing Sang Kristus Yesus. Ing pundi Gusti Yesus kersa lan kuwagang ngrembat dosa-dosanipun manungsa, kadadosaken suci wonten ingarsanipun Allah Sang Rama.

Saestu leres lan perlu kita antepi, bilih : “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” inggih dosa kita. Menawi kita ngrumaosi dhumawah ing dosa, sumangga enggal-enggal mratobat lan masrahaken gesang kita wonten ing panuntun lan pangreksanipun Gusti Yesus Kristus. Gusti paring karahayon. Gesang kita kedah kebak ing pamuji sokur ing sedaya kawontenan, awit Gusti langkung rumiyin nresnani lan mbabar karahayon wonten ing gesang kita. Pangucap sokur lumantar ing pamikiran, pitembungan, tumindak kita I *ESB.

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ