I Para Raja 11:26-40; Jabur 50:1-6; II Korinta 2:12-17
URIP LAN PATI
“Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati
kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon
gandaning urip kang nguripake.”
(II Korinta 2: 16a)
Ing satengahing paladosanipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Korinta, Rasul Paulus ngadhepi kawontenan ingkang awrat sanget. Pasamuwan ing Korinta punika pasamuwan ingkang rentan konflik awit pengaruh kabudayan lan piwulang ingkang mawarni-warni. Wonten ingkang nampi nanging ugi wonten ingkang nampik piwulangipun Rasul Paulus.
Tumprapipun golongan ingkang nampik piwulangipun Rasul Paulus, sedaya sami sengit lan ngigit-igit dhateng Rasul Paulus. Rasul Paulus kausir enggal nilaraken Korinta. Dene kanggenipun golongan ingkang nampi piwulangipun Rasul Paulus, sami ngantu-antu lan nyubya-nyubya rawuhipun Rasul Paulus ing Korinta. Punapa ingkang dipun wulangaken Rasul Paulus inggih punika bab kayekten saking Gusti Allah. Rasul Paulus mboten ngirangi lan nambahi punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah. Rasul Paulus mboten namung mulangaken nanging ugi mitadosi lan ngestokaken kanthi tumemen punapa ingkang dipun dhawuhaken Gusti Allah wonten ing gesangipun. Tumprap Rasul Paulus : Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita (Rum 6:23).
Injil kedah kawartosaken ing wegdal ingkang sae lan ing wegdal ingkang mboten sae dhateng sedaya tiyang. Injil mboten saged dipun watesi dening punapa kemawon. Awit Injil punika kekiyatan kita, gesang ing jagad lan ing kelanggenganipun. Pawartos bab sih kamirahanipun Sang Kristus punika ugi ingkang dados sumbering karahayon ing gesang kita.
Martosaken Injilipun Gusti Allah temtu wonten ingkang nampi, ingkang bingahaken lan ingkang ndhatengaken karahayon ing gesang. Martosaken Injilipun Gusti dados tanggeljawab saben tiyang pitados, inggih wonten ing gesang kita ing saben wegdalipun. |*ESB