+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 7 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani

Ayub 6:1-13; Jabur 102:12-28; Markus 3:7-12

ORA OWAH GINGSIR

“…ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku,

sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.”

 (Ayub 6: 10)

Punapa ingkang saged kita sinau saking gesangipun Ayub ngadhepi panandhang kang tanpa piwelas ing waosan nginggil? Ingkang sepisan, Ayub pitados lan nyumerepi punapa ingkang dados dhawuh pangandikanipun Gusti Allah punika dados tuking karahayon. Ingkang kaping kalih, Ayub nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi tumemen lan sayektos (totalitas). Ingkang kaping tiga, kasetyanipun Ayub dhumateng Gusti mboten owah gingsir sanadyan nandhang kasangsaran kang tanpa piwelas.

Pitados punika kedah kinanthenan kasetyan, awit tanpa kasetyan kapitadosan punika badhe gampil ambruk. Pitados dhumateng Gusti Allah inggih kedah kinanthenan kasetyan kangge nindakaken sedaya dhawuh pangandikanipun Gusti, sae ing wegdal ingkang bingahaken, kacekapan, ugi ing wegdal nandhang kasangsaran lan sisah. Pitados bilih Gusti Allah punika tansah nunggil, paring kekiyatan, kawicaksanan lan pangluwaran saking sawernining kasisahan ing gesangipun tiyang pitados.

Kapitadosan ingkang miyur punika kapitadosan ingkang gampil ambruk nalika ngadhepi panggodha, persoalan, sakit, kasisahan lan kasangsaran. Kenging menapa? Awit kapitadosanipun tebih saking raos setya dhumateng Gusti Allah ingkang dados sumbering gesang; langkung pitados dhateng panguwaosipun dosa (iblis), hawa nafsu, lan kadonyan. Mboten kiyat nanggel kasisahan lan kasengsaran. Gesang ing jagad punika temtu badhe ngadhepi panggodha, kasisahan, sakit lan kesengsaran. Awit jagad punika sampun dhumawah ing dosa. Nanging wonten ing jagad punika Gusti Allah rawuh, nunggil, paring kekiyatan lan kawicaksanan. Ing jagad punika Gusti Allah makarya kangge dhatengaken karahayon wonten ing gesangipun manungsa. Ayub langkung setya dhumateng Gusti tinimbang dhateng bandha kadonya, anak, lan garwanipun. Ayub ugi langkung setya

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ