+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 5 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani

II Para Raja 4:8-17, 32-37; Jabur 102:12-28; Lelakone para rasul 14:1-7

ORA SARUJUK

“Nanging wong akeh ing kutha kono pecah dadi rong golongan;

ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul karone”

 (Lelakone Para Rasul 14:4)

Rasul Paulus lan Barnabas nggadhahi pengalaman ingkang pait, kangge ngabaraken Injilipun Gusti. Kathah tiyang Yahudi lan Yunani ing kitha Ikonium sami nampi Gusti Yesus, nanging inggih wonten sagolongan ingkang nampik dhateng Injilipun Gusti. Rasul Paulus lan Barnabas katampik lan kaaniaya dening sagolongan wong Yahudi ing kitha Ikonium, lajeng sumingkir saking Ikonium tumuju dhateng Likaonia. Martosaken Injilipun Gusti punika inggih nggadhahi resiko, resiko dipun tampik, dipun sengiti, dipun aniaya lan wonten ingkang dipun pejahi. Mbetahaken kawicaksanan kangge ngadhepi lan nyikapi panampikipun sagolongan tiyang dhateng Injilipun Gusti Yesus.

Mboten sedaya tiyang punika saged nampi kesaenan, kabecikan, kayekten, kejujuran lan katemenan. Sawetawis tiyang ingkang nampik  Injil Sih-katresnanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Awit Gusti anggenipun nitahaken manungsa punika kaparingan kebebasan lan tanggungjawab kangge nampi punapa nampik sabda lan sihipun Gusti Allah. Jagad lan manungsa sampun dhumawah ing dosa, panguwaosipun dosa tansah mbudidaya supados manungsa punika nampik Injilipun Gusti lan tansah manut dhateng pangrehipun si dosa.

Injil-ipun Gusti Allah kedah tansah kaundhanganaken ing sadaya kawontenan dening para pendherekipun Gusti Yesus. Panampi lan panampik Injil-ipun Gusti punika tansah wonten ing pundi kemawon ing salumahing bumi punika. Mboten perlu ajrih lan mandheg anggen kita nindakaken kewajiban martosaken Injil-ipun Gusti. Ing pundi kita martosaken Injil, ing ngriku temtu badhe wonten sedherek kita ingkang saged nampi lan pitados dhumateng Gusti Yesus, nanging ugi badhe wonten sedherek kita ingkang nampik Injilipun Gusti. Nanging rahayu kula lan panjenengan ingkang sumadya ngemban timbalanipun Gusti martosaken Injil. I *ESB.

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *