+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 4 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani

Yesaya 40:21-31; Jabur 147:1-11, 20c;I Korinta 9:16-23; Markus 1:29-39

MANJING AJUR AJER

“Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil,

supaya aku melua oleh pandumane”

 (1 Korinta 9: 23)

Gesangipun Rasul Paulus kawengku ing angger-anggeripun Gusti Yesus, mboten kawengku ing angger-anggering Toret sanadyan piyambakipun punika tiyang Yahudi tulen. Ing wegdal piyambakipun gesang sesarengan kaliyan tiyang Yahudi, sikap gesangipun kados tiyang Yahudi supados saged nggendheng wong Yahudi. Tumrapipun tiyang Yunani piyambakipun ugi gesang kadosdene tiyang Yunani, supados saged nggendheng tiyang Yunani. Tumprapipun tiyang ringkih piyambakipun kados tiyang ringkih, supados saged nggendheng tiyang ingkang ringkih. Rasul Pulus ngudi gesangipun supados saged tinampi dening sedaya masyarakat, ingkang mboten winates ing suku, bangsa, ekonomi, sosial, budaya dan pendidikan. Rasul Paulus manjing gesang ajur-ajer, karana kagem Injilpun Gusti supados sumebar lan saged nggendheng sedaya manungsa.

Gesangipun tiyang pitados, inggih kedah manjing ajur-ajer ing sedaya komunitas (inklusif). Kangge mujudaken katresnan lan martosaken Injilpun Gusti kita kedah saged manjing ajur-ajer. Gesang manjing ajur-ajer punika mboten ateges keli dhateng ombyaking kawontenan, nanging gesang ingkang ngeli ing kawontenan nanging mboten kecalan jati diri minangka pendherekipun Gusti Yesus. Kanthi manjing ajur-ajer minangka strategi (cara) anggen kita mbangun sesambetan kaliyan para sedherek kita, supados kita mangertosi kanthi cetha kawontenannipun lan gesang kita katampi  sedherek kita. Kanthi makaten gesang kita saged nggendheng sadherek kita dhateng Injilipun Gusti Allah.  Kita mboten perlu matesi Injilpun Gusti punika namung kangge satunggal kelompok utawi suku tertemtu. Nanging Injilipun Gusti Allah punika kagem sedaya titah, sedaya bangsa ing salumahing bumi.

Ayahan martosaken Injilpun Gusti punika sampun dados kewajiban tumprap saben tiyang pitados. Menawi sedaya punika kita tindakaken kanthi tumemen lan iklas temtu Gusti mberkahi. I *ESB.

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ