+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis 25 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Pangandharing Toret 3:23-29; Jabur 111; Rum 9:6-18
PAKARYANING ALLAH IKU AGUNG LAN MULYA
“Pakaryane Sang Yehuwah iku agung, patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem. Pakaryane iku agung lan mulya, tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase!” (Jabur 111:2,3)

Umatipun Gusti Allah mesthi saged mangertosi lan nyengkuyung pangakenipun Jurumasmur ing 111:2-3 menika. Pakaryanipun Gusti Allah inggih donya saisinipun menika ageng, wiyar lan agung sanget. Kita boten saged mbayangaken sepinten agenging alam donya menika sanadyan mawi ngginakaken teknologi modern pisan. Kita namung saged ningali kanthi eram lan ngungun sanget. Menawi kita ningali sesawangan utawi pemandhangan ingkang asri lan endah ing pareden, manah kita saged dados lega, remen lan tentrem. Alam donya lan saisinipun menika ugi dipun pranata kanthi sae. Wit-witan lan tanem-taneman saged tuwuh dados ngrembuyung lan dados ageng kanthi tatanan ingkang cetha. Mekaten ugi sato kewan ing daratan, ing akasa menapa dene ing toya, dipunrimati dening Gusti Allah, boten wonten ingkang kecingkrangan. Mekaten ugi manungsa tuwuh ing lingkunganing suku lan bangsa kathi tatanan ingkang cetha. Gesangipun manungsa sacara biologis menika tumata sanget. Gesangipun manungsa ugi kaparingan pranatan-pranatan ingkang sae. Ing salajengipun manungsa kasagedaken mranata lan mbudidaya kasaenaning gesangipun sedaya titah. Lah menika sedaya mujudaken pakaryan saking Gusti Allah ingkang agung lan mulya.
Kejawi Gusti Allah menika mranata lan ngreksa gesangipun sedaya titah wau, Gusti Allah ugi kagungan sipat-sipat ingkang mulya kados ingkang dipun pratelakaken dening Jurumasmur: “Pangeran Yehuwah iku asih-mirma sarta welasan” (ayat 4b), “Asmane iku suci lan nggegirisi” (ayat 9). Sarana kamulyanipun wau Gusti Allah mranata lan ngreksa sedaya titahipun ugi kanthi mulya. Pramila ayat 11 mratelakaken prekawis ingkang sae lan prayogi kita tindakaken: “Pangabekti marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan. Sarupaning wong kang nglakoni iku padha duwe budi kang padhang. Pangalembana marang Gusti Allah iku langgeng ing salawase!”. Gusti amberkahi. Amin. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ