+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 26 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Pangandharing Toret 12:28-32; Jabur 111; Wahyu 2:12-17
KATIMBALAN MANEMBAH DHATENG ALLAH
“Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya
kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet
ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener
ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu”
(Pangandharing Toret 12:28)

Sang Yehuwah sampun mitulungi umat Israel, kaluwaran saking tanah pangawulan. Samangke umat Israel sampun dados bangsa mardhika lan badhe tansah kajagi dening Gusti Allah. Umat Israel kedah netepi adegipun minangka kagunganipun Gusti sarana tansah netepi dhawuhipun Sang Yehuwah. Gusti Allah maringi angger-angger sedasa prekawis ingkang badhe nata gesanging umatipun. Ing angger-angger 1 lan 2. Gusti Allah maringi pepaken: “Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaNingsun” lan “Sira aja gawe reca utawa tetironing apa wae….sira aja sujud utawa ngabekti marang iku…” Sarana pepaken menika cetha sanget bilih Gusti Allah ngersakaken supados umatipun wau tansah manembah dhumateng Sang Yehuwah, Allahipun.
Kala semanten, umat Israel nembe badhe lumebet ing tanah Kanaan. Umat Israel badhe pitepangan kaliyan bangsa Kanaan lajeng lan saged kemawon tumut manembah dhateng allah-allah utawi dewa-dewanipun (ayat 30). Mila, umatipun Gusti kedah fokus namung mandeng lan manembah dhateng Gusti Allah Sang Yehuwah wau.
Prekawis menika ugi kaetrapaken dhateng kita umatipun Allah ing jaman samangke. Kita sampun katebus saking pangawulaning dosa lan kadurakan lumantar pakaryanipun Sang Kristus. Ingkang menika ateges kita sampun dados umat kagunagnipun Gusti Allah. Pramila manah lan-pangangen-angen kita ugi namung kedah tumuju dhateng Gusti kemawon. Kita ugi kedah nebihi brahala-brahala arupi menapa kemawon kadosdene reca, sela lan wit ageng, pusaka-pusaka, punapa dene arta, kekiyatan, kepinteran lan sapiturutipun. Kita boten kepareng memuja brahala-brahala punika. Gesang kita sawetahipun kedah tumuju dhumateng Gusti Allah. Kita katimbalan tansah ngabekti dan netepi dhawuh-dhawuhipun Gusti ing sauruting gesang. Amin. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ