+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 24 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Wulang Bebasan 8:1-21; Jabur 46; Markus 3:13-19a
GUSTI KAMULYAKAKEN
“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake
ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”
(Jabur 46:11b)

Gusti Allah kita menika ingkang nitahaken donya lan saisinipun sedaya. Gusti Allah ugi nitahaken manungsa ingkang sampun bebranahan ngantos dados kathah sanget cacahipun. Gusti Allah menika ngasta pangwasa tumraping para bangsa ing donya menika. Boten wonten bangsa satunggal kemawon ingkang uwal saking pangwaosipun Gusti Allah.
Pancen kita saged ningali kathah bangsa utawi suku bangsa ingkang boten tepang dhateng Gusti Allah. Bangsa-bangsa wau sami manembah brahala. Ewa semanten sejatosipun bangsa-bangsa wau sami saged ningali pakaryaning Allah kados kanyatan ing alam donya menika. Kadosta Srengenge, wulan, lintang, redi-redi, seganten, sela ageng, wit-witan ageng lan sakpiturutipun. Emanipun tiyang-tiyang wau malah lajeng nyembah kekiyataning alam menika. Bangsa-bangsa ugi sami damel rerekan ingkang awujud reca ingkang lajeng kasembah. Bab menika sekeling penggalihipun Gusti Allah. Gusti Allah paring dhawuh supados manungsa sami manembah namung dhateng Gusti Allah kemawon.
Umatipun Gusti nggadhahi tugas martosaken kawilujengan saking Gusti Allah, kados ingkang sineat wonten ing Yesaya 42:6 “Ingsun iki Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa”. Lumantar umat Israel menika Gusti Allah ngersakaken supados para bangsa lan suku bangsa sami manembah dhateng Gusti Allah.
Ing jaman modern lumantar pangundhanging Injil Gusti Allah ing Gusti Yesus Kristus sampun kaundhangaken dhateng kathah bangsa ing bumi menika. Bangsa-bangsa ageng ing Eropa lan Amerika, mekaten ugi ing Asia , Australia lan ing Afrika sampun sami mireng bab Injiling Sang Kristus. Bab menika taksih kedah kalajengaken, awit taksih kathah tiyang saking bangsa-bangsa lan suku-suku bangsa ingkang dereng tepang kaliyan Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus.|*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ