+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 22 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Purwaning Dumadi 12:1-9; Jabur 46; I Korinta 7:17-24
NDHEREK GUSTI YESUS
“Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan
dening Gusti Allah …”
(I Korinta 7:17)

Timbalanipun Gusti Yesus dhateng kita menika boten ndadosaken kita kedah nilar padamelan kita. Dados angger padamelan kita lan kahanan kita nalika katimbalan pitados dening Gusti menika sae lan leres, boten perlu nilaraken padamelan menika lajeng sami dados Pandita, Penginjil utawi Guru Agami Kristen. Kenging kemawon menawi pancen kepengin ngabdekaken gesang dados para pelados menika. Ananging boten kedah mekaten. Ingkang suwau dados tiyang bengkel inggih saged tetep dados tukang bengkel. Ingkang dados tukang becak inggih saged tetep dados tukang besak. Ingkang dados pedagang utawi bakulan inggih saged tetep dados pedagang lan tetep bakulan. Ingkang penting menika wonten ewah-ewahan ing manah lan sikep gesangipun.
Ing I Korinta 12:4-11 wonten pangandika bab peparing lan kanugrahan warni-warni saking Gusti. Bab menika ugi saged katerapaken ing salebeting gesang padintenan. Gusti Allah ugi sampun paring padamelan marupi-rupi dhateng saben tiyang. Peparing menika kedah kita aosi, awit sedaya padamelan menika sae, boten wonten pedamelan ingkang asor lan remeh. Ingkang kedah kita sigkiri menika pandamel awon lan dosa.
Gusti Allah ugi ngersakaken para kagunganipun nggadhahi kesagedan utawi talenta warni-warni, matemah pakaryanipun Pangeran saged kaetrapaken ing babagan utawi ligkungan warni-warni. Ingkang perlu, ing padamelan lan lumantar pedamelan kita piyambak-piyambak wau Injil saged kaundhangaken. Lumantar profesi guru upamenipun, saged kaundhangaken Asmanipun Gusti Yesus. Paling boten sikep lan patrap kados dipun wucalaken dening Gusti Yesus saged dipun ketingalaken ngantos sami kepranan amargi sumerep pandamel sae wau lan sami kepengin mangertos bab piwucal saking Gusti Yesus Kristus. Mekaten ugi lumantar profesi utawi padamelan sanesipun kita saged leladi lan ngluhuraken asmanipun Gusti. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ