+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 Januari 2024 Minggu I Saksampunipun Epifani

Pangentasan 30:22-38; Jabur 69:1-5, 30-36; L. Para Rasul 22:2-16

 

PASEKSI BAB KAWILUJENGAN SAKING ALLAH

Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun

bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya

(Lelakone Para Rasul 22:21)

 

Dhawuhipun Gusti Yesus saderengipun sumengka dhateng ing swarga, “Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu(Mateus 28:19). Punika dhawuh agung saking Gusti Yesus dhateng para muridipun. Sarana dhawuh menika, para murid lajeng sami lumampah dhateng pundi-pundi papan kangge martosaken Injil bab kawilujengan saking Yesus Kristus dhateng sedaya tiyang.

Ing ngriki wonten bab ingkang mligi inggih punika bab martosaken Injil dhateng tiyang-tiyang saking para bangsa sanes Yahudi. Pramila sajakipun  Gusti menggalih perlu  wontenipun abdi  ingkang mirunggan kangge jejibahan menika. Gusti lajeng milih lan netepaken satunggaling priyantun ingkang mligi inggih punika rasul Paulus. Menika pancen prayogi awit Paulus menika nggadhahi kewarganegaraan Rum ingkang kala semanten nguwaosi tanah saindenging donya. Sarana status warga negari Rum wau, Paulus badhe nggadhahi kondisi politis ingkang cocok kaliyan tugasipun.

Pangandikanipun Gusti dhateng Paulus menika kacetha ing ayat 21 saking Para rasul 22 wau: “ Mangkata sebab Ingsung bakal ngutus sira adoh, menyang ing panggonane bangsa-bangsa liya“. Dados Gusti Yesus sampun nemtokaken mirunggan kangge rasul Paulus wau ingkang mangkenipun ugi kakanthenan dening Barnabas, Markus, Silas lan Lukas.

Wiwit saking peladosaning para muridipun Gusti Yesus menika, pawartos kabingahan bab pangapunteing dosa kapratelakaken dhateng sedaya bangsa.        Bab menika saged kalampah awit pitulunganipun Gusti ingkang nuntun para utusan Injilipun. Lumantar pakaryanipun para utusan Injil, bangsa-bangsa sanes Yahudi ing saindenging donya sami pitados dhumateng Gusti Yesus Kistus. Menika pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngedab-edabi. Ing ngriki kita ugi sami kadhawuhan tansah ngundhangaken Injilipun Sang Kristus dhateng sedaya tiyang. Gusti amberkahi. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ