+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 8 Januari 2024 Minggu I Saksampunipun Epifani

Purwaning Dumadi 17:1-13; Jabur 69:1-5; 30-36; Rum 4:1-12

 

GESANG ING KAPITADOSAN DHUMATENG ALLAH

Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah” (Rum 4:3)

 

Gesanging manungsa dalah punapa kemawon ing alam donya punika tansah wonten sesambetanipun kaliyan Gusti Allah, Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane(Rum 11:36). Wiwit kita lair, malah nalika taksih ing guwa garbanipun ibu, kita menika sampun katitahaken, lan kapranata dening Gusti Allah, ngantos dumugi puputing yuswa, menika ugi kapranata dening Gusti Allah. Menawi mekaten kita pancen boten saged uwal saking Gusti Allah. Pramila kita ugi kedah tansah ngabekti lan manembah dhateng Gusti Allah.

Dene panembah lan pangabekti kita dhateng Gusti Allah mesthi kedah kadhasaran ing iman utawi kapitadosan dhateng Gusti Allah. Iman inggih punika sikep utawi patraping manah kita anampeni Gusti Yesus Kristus minangka Gusti lan Juruwilujenging gesang kita. Iman menika sikep lan patrap  ingkang pitados lan pasrah  dhateng Gusti Yesus Kristus.  Iman ugi nindakaken pangabekti namung dhateng Gusti Yesus. Iman ugi mawujud ing sapari-polah kita ingkang njalari sedaya tumindak kita menika namung mbangun miturut  dhateng dhawuhipun Gusti, kados ingkang sinerat wonten  ing Kitab Suci.

Iman dhateng Gusti Yesus Kristus ateges menawi kita nampi kabingahan utawi nampi peparing punapa kemawon, kita mesthi lajeng ngucap sukur dhateng Gusti awit ngakeni bilih sedaya menika mujudakan peparing saking Gusti. Peparing wau ugi badhe kita ginakaken kangge ngluhuraken asmanipun Gusti. Kosok wangsulipun menawi kita ngadhepi lan ngraosaken prekawis lan bot-repoting gesang, kita ugi namung badhe mlajar lan ngandelaken pitulunganipun Gusti . Kita pancen kedah mbudidaya sakiyat kita, nanging kita boten badhe ngandelaken kekiyatan kita piyambak, jer kita mangertos saha ngakeni blih dhiri kita menika kebak ing kekirangan, kalepatan lan tanpa daya ingkang cekap kangge ngadhepi menapadene ngatasi prekawis menika piyambakan. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *