Yesaya 41:14-20; Jabur 69:1-5, 30-36; Yokanan 1:29-34
ANEKSENI KAMIRAHANIPUN GUSTI
“Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang
mitulungi sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,
lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”
(Yesaya 41:14)
Pangandikanipun Gusti ing kitab nabi Yesaya 41 menika nyariyosaken lan mratelakaken bab panganthi, pangayoman lan pangreksanipun Gusti Allah dhateng umatipun Israel. Bangsa Israel kapilih dening Gusti Allah dados umat pepilihanipun, boten amargi kasaenanipun ananging amargi karsanipun Gusti Allah. Bab wau boten saged dipun tolak utawi dipun ewahi dening sinten kemawon.
Pangreksanipun Gusti Allah dhateng umatipun saged kita tingali wonten ing: Ayat 10-16 mratelakaken kadospundi Gusti Allah ngayomi umatipun saking tiyang-tiyang ingkang nyengiti lan badhe nglawan umatipun. Mekaten ugi umatipun kaparingan kekiyatan kangge ngrontogi gunung-gunung, dipun tapeni lan ical kabuncah dening angin.
Ayat 17-19 mratelakaken bilih Gusti badhe mitulungi umatipun ingkang sami nandhang kasangsaran lan kasrakatan. Gusti ugi badhe mberkahi tanah-tanah pareden ingkang gundhul, supados dados subur lan ijem njalari negari Israel dados subur. Sedaya wau supados tiyang-tiyang saking bangsa-bangsa sanes sami ningali lan mangertosi bilih sedaya wau pakaryaning Gusti Allahipun Israel (ayat 20).
Pangandikanipun Gusti menika sanget mbingahaken lan murugaken kapitadosaning umatipun Allah sangsaya mantep. Pangandika menika ugi nggadhahi makna lan trap-trapan kangge sedaya umatipun Allah ing saben jaman, kalebet kita umat kagunganipun Gusti Yesus Kristus ing wekdal samangke. Umat kagunganipun Gusti Allah ing jaman samangke ugi tansah dipun tresnani lan dipun gatosaken dening Gusti. Katresnanipun Gusti dhateng kita kebabar wonten ing Kitab Suci dalah ing gesang kita padintenan. Mila saking punika kedah tansah caos sokur lan nglampahi gesang kanthi ayem tentrem. |*SH