+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 13 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangentasan 24:9-11; Jabur 106:1-6, 19-23; Yakobus 4:4-10

MANAH INGKANG RESIK

“Marga saka iku nungkula marang Allah, iblis tanggulangen,

temahan bakal padha lumayu nglungani kowe

(Yakobus 4:7)

Manungsa, kalebet tiyang pitados punika nggadhahi karingkihan (cedera manusiawi). Mila sanadyan gesang kita sampun katebus lan kawilujengaken dening Gusti Yesus, kita taksih saged dhumawah ing hawa nepsu lan watek kadonyan (Yakobus 4:1-4).  Awit kawontenan kita ingkang ringkih punika, kita dipun kanthi ing Roh Suci (Yakobus 4:5). Mila sampun ngantos kita punika ngendelaken diri (gumunggung) nanging nggadhahi  manah ingkang andhap-asor. Kanthi punika ing saklebeting ngadepi godha rencana ing gesang kita badhe tansah tumungkul ing ngarsanipun Gusti lan sumarah dhateng panuntunipun Sang Roh Suci,  Gusti mesthi karsa paring pitulungan dhateng kita.

Kanthi dhawuh pangandhikanipun Gusti punika cetha sanget bilih :

  1. Ing gesang kanugrahan peparingipun Gusti punika kita taksih ngadepi godha saking iblis, mila kita perlu waspadha , awit iblis saestu julig saged mlebet ing manah kita ugi
  2. Kita saos sukur, awit Gusti Yesus kepareng nganthi lan kersa badhe tansah mitulungi kita
  3. Kita sampun sakmesthinikan cumawis ngadepi wontenipun godha, awit kita boten saged ngendhani, awit Gusti nganthi kita
  4. Kita sumarah ing Gusti lan panuntunipun Roh Suci

Prayogi kita tansah saestu saos sokur, awit sejatosipun sampun wonten cepengan ing saklebeting mbabar gesang dados kagunganipun Gusti. Mila perlu netepaken sikap ingkang leres, awit wonten pilihan ingkang kedhah kita pilih. Anggen kita nemtokaken pilihan punika temtunipun boten namung nengenaken bab kadagingan. Prayogi kita milih ingkang ndadosaken lestantuning gesang jumbuh kaliyan karsanipun Gusti.

Sumangga sami nglampahi gesang kanugrahanipun Gusti punika kanthi kebak raos sukur, bingahing lan eklasing manah. Manawi gesang kita punika prayogi, saged dados kaluhuraning asamanipun Gusti lan Injilipun kasuwuraken. Kita saged dados serat-seratipun Sang Kristus (2 Korinta 3:3). Gusti Yesus tuking berkah lan pitulungan mesthi badhe mberkahi kita. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ