+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 14 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangentasan 24:12-18; Jabur 106:1-6, 19-23; Mateus 2:18-22

SETYA

“Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine

munggah ing gununge Gusti Allah

(Pangentasan 24:13)

Sikep setya ing saklebeting mbangun sesambetan saestu dipun betahaken. Upaminipun wonten ing gesang brayat; sikep setya ing antawisipun semah (suami-istri) sanget dipun betahaken. Awit manawi salah setunggaling antawisipun semah wiwit boten setya, pasanganipun mesthi ugi wiwit boten pitados malih. Yen perkawis punika saestu kedadosan ing gesanging brayat, mujudaken tanda-tanda boten sae lan boten enggal dipun pratasi, mbebayani tumrap lestantuning gesang brayat.

Ing kitab Pangentasan 24:12-18, nyariosaken bilih Sang Yehuwah nimbali nabi Musa supados minggah dhateng redi Sinai.  Gusti Allah badhe nyerat pepakenipun ing sela kangge nggantos sela ingkang sampun pecah, awit dipun banting dening nabi Musa, rikala umat Israel manembah dhateng reca arupi pedhet mas.  Nalika semanten, nabi Musa ngajak Yusak minggah dhateng redinipun Gusti.

Kanthi siikep setya saking nabi Musa, nabi Musa saged nampeni angger-angger sedasa perkawis ingkang risak; ingkang saklajengipun dipun agem kangge mucal umat Israel. Angger-angger punika minangka paugeran kangge umatipun Gusti. Tanpa angger-angger punika bangsa Israel, umatipun Sang Yehuwah punika boten saged nelakaken pitados lan gesang jumbuh kaliyan kersanipun Sang Yehuwah.

Sikep setya wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ing sauruting gesang kita punika minangka wujud tanggel jawab lan saos sokur dhumateng Gusti. Pramila perlu tansah dipun nggatosaken lan dipun upadi supados saged kita tindakaken. Kanthi nyuwun pitulunganaipun Gusti, kita pitados badhe saged netepi timbalanipun Gusti punika kanthi prayogi.

Ing pungkasanipun, kita badhe nampeni kasampurnaning kawilujengan jati; nampeni gesang langgeng ing swarga, ing pundi gesang ingkang langgeng punika tansah kita antu-antu. Sumangga sami mbudidaya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi setya. Pitadosa, bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe njangkepi lan nyampurnakaken. Amin |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ