+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 10 Juni 2023 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 15:1-20; Jabur 33:1-12; Mateus 9:27-34

PANGANDEL DHUMATENG GUSTI

“Banjur padha didumuki mripate sarta dipangandikani:

”Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”

(Mateus 9: 29)

Wonten ingkang narik manah nalika kita maos cariyos bab kalih tiyang wuta ingkang kasarasaken dening Gusti Yesus ing waosan kita. Sasampunipun tiyang kekalih wau nyuwun sih piwelasipun Gusti supados kersa paring kesarasan, Gusti Yesus boten lajeng tumindak ananging Panjenenganipun paring pandangu rumiyin dhateng tiyang kekalih wau. “Apa kowe padha ngandel yen Aku bisa nindakake mangkono?” mekaten pandangunipun Gusti. Panjenenganipun badhe mirsani sepinten angenging pangandelipun tiyang kekalih wau. Kanthi mekaten, tiyang kekalih wau ugi nindakaken peranganipun supados kasarasaken, inggih punika nggadahi pangandel ingkang sayektos dhumateng Gusti Yesus.

Nalika Gusti Yesus ndemok netranipun tiyang kekalih wau, Panjenenganipun ngendika,”Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.”  Puji Gusti! Punapa ingkang dados pepinginanipun tiyang kekalih wau estu kasembadan. Punika nelakaken bilih Gusti Yesus kepranan tumrap pangandelipun tiyang kekalih wau. Kapitadosan ingkang prasaja lan satuhu, mligi konjuk dhumateng Gusti Yesus! Gusti Yesus ugi kepranan tumrap pambudidaya tiyang kekalih wau anggenipun ngetut wingking saha nguwuh-uwuh dhumateng Panjenenganipun. Punika estu nrenyuhaken penggalihipun Gusti Yesus.

Pitakenan kangge kita sami, punapa kita ugi nggadahi pangandel dhumateng Gusti Yesus wonten ing sedaya kawontenan? Punapa kita saestu sampun ngeneraken manah kita, madhep mantep ndherek Gusti Yesus kanthi pangandel ingkang ageng? Punapa kita sami nggadahi keyakinan bilih talinganipun Gusti Yesus mirengaken panguwuh-uwuh kita? Punapa kita ugi pitados bilih astanipun Gusti Yesus saestu badhe kaulungaken saperlu nulungi kita saking sedaya prekasiwing gesang? Punapa kita saestu nggadahi piandel bilih Gusti badhe campur asta wonten ing gesang kita? Sumangga kita sami sinau saking tiyang kekalih ing nginggil: “Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu!” I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ