+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 9 Juni 2023 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 14:17-24;  Jabur 33:1-12; Lelakone Para Rasul 28: 1-10

BENER, ADIL, LAN AMBEK WELASAN

“Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;

bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.”

 (Jabur 33: 5)

Wonten unen-unen mekaten: ”Dari Altar Menuju Pasar!” Tegesipun, panembah bekti kita sami ing gedhung greja kedah kalajengaken kanthi tumindak sae ing satengahing masyarakat. Pamuji sokur lan pangalembana kita dhumateng Gusti Allah kedah tetela ugi wonten ing gesang kita sapadintenan. Kenging punapa mekaten? Awit Gusti Allah remen kaliyan babagan sedaya ingkang leres, ingkang adil saha ingkang mratelakaken asipat ambek welasan. Kanthi mekaten, pangibadah kita sami saestu jangkep lan mranani penggalihipun Gusti Allah.

Dhawuhipun Gusti Allah minangka angger-angger katresnan sampun cetha sanget. Kita sami kadhawuhan nresnani Gusti Allah saha nresnani sesami kita. Katresnan kita dhumateng Gusti kita pratelakaken kanthi mitulungi sesami kita ingkang mbetahaken pitulungan. Pramila sampun ngantos sasampunipun kita medal saking pangibadah ing gedhung greja, kita lajeng moyoki juru parkir utawi misuh-misuh ing satengah margi nalika tumuju wangsul dhateng griya kita piyambak. Utawi sampun ngantos ugi kita nindhes kanca ing pedamelan. Awit Gusti ngersakaken supados tumindaking gesang kita saestu cundhuk kaliyan punapa ingkang kita sinau nalika ngibadah ing gedhung greja. “Dari altar menuju pasar!” Saking gedhung gereja tumuju satengahing masyarakat!

Sumangga kita sami giyak-giyak memuji asmanipun Gusti ing satengahing pasamuwan. Sumangga ugi kita sami njejegaken kabeneran, ngudi kaadilan saha mujudaken asipat ambek welasan dhateng tiyang sanes. Lumantar pitutur, tetembungan saha tindak tanduk kita ingkang nyondhongi kaliyan kersanipun Gusti. Awit, sepisan malih, Gusti Allah kepranan tumrap sedaya ingkang leres, ingkang adil saha sedaya wujuding asipat ambek welasan. “Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.” (Mateus 5: 7).I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ