+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 8 Juni 2023 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 13:1-18; Jabur 33:1-12; II Petrus 2:17-22

KITA PUNIKA SEDHEREK

“Mulane Rama Abram banjur ngandika marang Lut:

Bok aja ana grejegan ing antarane pangonku lan pangonmu,

kita rak padha sadulur.”

(Purwaning Dumadi 13:8)

Miris sanget menawi mireng cariyos bab rebutan warisan raja brana ing satengahing kaluwarga. Ing antawisipun sedherek setunggal lan setunggalipun saged dados regejegan lan dados mengsah karana sami rebutan raja brana.

Kenging punapa saged wonten kedadosan ingkang mekaten? Pancen kathah jalaranipun. Ananging salah satunggaling sebab mbok menawi karana ukuranipun kanugrahaning gesang ing masyarakat gumantung saking kathah sekedhikipun raja brana. Utawi mbok menawi awit saking raos was sumelang menawi kekirangan raja brana satemah sedaya pambudidaya katujokaken supados pikantuk sakathahipun, kepara menawi saged kangge pitung turunan.

Beda sanget kaliyan kawontenan ing nginggil wau, rama Abraham kagungan watek lan asipat ingkang kosokwangsulanipun. Para tiyang ingkang angen sato kewanipun rama Abraham saha para tiyang ingkang angen sato kewanipun Lut asring regejegan awit sami rebutan panggenan. Jalaranipun, papan panggenan kangge angen sato kewan rama Abraham saha Lut, penakanipun, winates lan boten wiyar. Pramila, rama Abraham lajeng ndhawuhi Lut supados miji panggenan ingkang dipun remeni. Alusing budi rama Abraham ngedalaken woh ingkang mranani. Piyambakipun ingkang kagungan asipat ambek welasan kersa ngalah sarta njurung Lut supados nemtokaken rumiyin panggenan ingkang dipun remeni. Kenging punapa mekaten? Rama Abraham ngendika bilih piyambakipun saha Lut punika sedherek! Kautamaning asipatipun rama Abraham punika saged dados seserepan kangge kita sami supados ngrumaosi bilih ing antawisipun sedherek kedahipun sami angen-inangen, sangkul sinangkul, boten malah sami regejegan. Sedaya prekawis saged dipun rembag kanthi wening sesarengan minangka sedherek.I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ