+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 7 Juni 2023 Minggu Trinitas

Ayub 39:26-40:5; Jabur 29; Yokanan 14:25-26

KIYAT LAN TENTREM

“Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate,

Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.”

(Jabur 29: 11)

Pandonganipun prabu Dawud punika mijil saking kapitadosanipun bilih Gusti Allah pancen kagungan panguwaos ingkang ageng. Ing ayat-ayat saderengipun, piyambakipun njlentrehaken kados pundi swantenipun Gusti kebak ing kekiyatan. Swantenipun Gusti kuwaos nugelaken wit eres, kuwaos ndadosaken redi ing Libanon ‘mlumpat prasasat pedhet’, kuwaos nyemburaken lathu mulat-mulat lan sanesipun malih. Punika ingkang asring kawastanan ‘tremendum et fascinosum.’ Tegesipun, pakaryanipun Gusti punika nggegirisi ananging ugi ngeram-eramaken, ‘menggentarkan sekaligus mempesona’!

Kapitadosanipun punika ingkang dados tetales anggenipun Dawud nyuwunaken pitulunganipun Gusti kangge umatipun nalika pra umat nandang momotan lan karibedan. Dawud nyenyuwun supados Gusti kersa maringi kekiyatan lan tentrem rahayu dhateng umat. Sinaosa prekawis ingkang dipun adhepi umat dereng rampung, ananging umat nggadahi kekiyatan mirunggan saha pengajeng-ajeng ingkang langkung ageng. Sinaosa saben dinten taksih kedah ngudi lan mbudidaya margining kaluwaran, ananging manahing umat kebak ing raos tentrem rahayu ingkang mirunggan. Punika sampun cekap kangge umat, supados umat tetep ndherek gumregah, ndherek berjuang, ndherek andum pakaryan. Boten namung ‘krida lumahing asta’ kemawon. Kanthi mekaten, umat sangsaya diwasa ing ngarsanipun Gusti.

Kados pundi kaliyan kula lan Panjenengan? Menawi kita nyenyuwun dhumateng Gusti, asring sanget Gusti boten lajeng ngluwari kita saking prekawis ingkang kita adhepi. Ananging Gusti paring kekiyatan lan tentrem rahayu mirunggan satemah kita kasagedaken ngadhepi saha mrantasi sedayanipun. Kanthi mekaten, ‘kautaman-kautaman bab karohanen’ kita sangsaya kathah. Kita langkung sinau bab kesabaran, ketelatosan, raos tatag lan tanggon saha kiyat santosa minangka pendherekipun Gusti.I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ