+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 11 Juni 2023 Minggu Limrah VI

Purwaning Dumadi 12:1-9; Jabur 33:1-12; Rum 4:13-25; Mateus 9:9-13, 18-26

KAWELASANING MANAH

“Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan.”

 (Mateus 9:13a)

Punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus pancen ngagetaken para tiyang Farisi. Juru mupu beya punika kawentar minangka tiyang ingkang kebak dosa awit asring mundhuti iuran/pajek, langkung saking salimrahipun. Pramila, miturut pemanggih para tiyang Farisi, juru mupu beya saha tiyang-tiyang dosa sanesipun kedah dipun tebihi supados boten nularaken kenajisan. Lajeng, kenging punapa Gusti Yesus kersa sesambetan kaliyan juru mupu beya saha tiyang dosa sanesipun? Punapa punika boten methukaken kenajisan?

Gusti Yesus nelakaken bilih para tiyang wau kedah dipun welasi saha dipun tresnani. Tiyang-tiyang wau kedah dipun rengkuh saha dipun rangkul. Menawi badhe nulungi, kedahipun boten nebihi saha moyoki, ananging malah nyaketi tiyang-tiyang wau. Punika nelakaken bilih raos kawelasaning manah kedah dados prinsip ingkang utami. Kanthi mekaten, anggen kita mawas tiyang-tiyang mau boten karana manah ingkang ngadili ananging kanthi manah ingkang melasi. Para tiyang Farisi rumaos bilih ingkang ndamel keprananing penggalihipun Gusti Allah inggih punika cecaosan kurban minangka pisungsung. Ananging, Gusti Yesus negesaken bilih kawelasaning manah dhateng sesami punika langkung wigatos. Awit Gusti Allah punika Mahaasih, pramila kita sami minangka pandherekipun ugi kedah njejegaken bab kawelasaning manah minangka prinsip ingkang utami.

Pisungsung kita kagem Gusti boten namung awujud yatra, barang, saha raja brana sanesipun. Ananging, kita ugi kadhawuhan supados nggadahi kawelasaning manah dhateng sesami ingkang mbetahaken pitulungan. Punika minangka wujuding pisungsung ingkang elok, ingkang mranani ing ngarsanipun Gusti. Sumangga, kita sami kajurung supados nggadhahi krenteg, migatosaken sesami ingkang kacingkrangan, ingkang kesrakatan saha ingkang ketriwal! Gusti mitulungi! I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ