+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 4 Juni 2023 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 1:1-2:4a; Jabur 8; 2 Korinta 13:11-13; Mateus 28:16-20

KOMUNITAS PASINAON

“… apadene padha wulangen bab apa kang

wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh.”

(Mateus 28:20a)

Pengetan lan pahargyan tumedhakipun Sang Roh Suci mbingahaken manah kita sami. Rawuhipun Sang Roh Suci saestu nedahaken bilih Gusti boten nilar pra umat kagunganipun. Saderengipun mekrad Gusti Yesus paring dhawuh supados pra sekabat martosaken Injil kabar kabingahan dhateng sedaya tiyang. Gusti Yesus ugi paring pangandika supados nuntun lan mucal pra tiyang ingkang pitados supados kapitadosanipun sangsaya bakuh ing sedaya kawontenan. Ayahan ingkang kaping kalih punika ugi ingkang kedah kita tindakaken kanthi sabar lan telatos. Umatipun Gusti kedah sangsaya winasis ing bab wawasaning kekristenan satemah boten kapilut dening maneka warni ajaran ingkang boten nyondhongi kaliyan kersanipun Gusti Yesus.

Punapa kemawon ingkang kedah kita sinau sesarengan? Sedaya ingkang sampun dipun wulangaken dening Gusti Yesus! Inggih punika bab kados pundi kita sami kasagedna manembah bekti dhumateng Gusti sarta sami sengkut njejegaken pri kamanungsan. Pramila, ing satengahing pasamuwan, kita mrangguli kathah kempalaning umat ingkang sami sinau bab piwulangipun Gusti Yesus. Sae punika sacara wilayah/kelompok, mekaten ugi sacara peranganing umur. Kanthi mekaten, kita saged mbangun komunitas-komunitas pasinaon ing satengahing pasamuwan. Komunitas ingkang saged sami andum seserepan lan pemanggih, saged sami ngudhar raos setunggal lan setunggalipun sarta saged sami giyak-giyak ngrancang bab kegiatan ingkang magepokan kaliyan piwulangipun Gusti Yesus.

Ngetut wingking Gusti Yesus punika boten mandeg ing baptisan. Ananging kedah kalajengaken kanthi pasinaon bab piwulangipun Gusti. Pramila, ing salebeting buku Tata Greja lan Tata Laksana GKJ, pasamuwanipun GKJ punika saged dipun wastani minangka ‘keluarga’ saha ‘paguyuban’ ananging ugi saged dipun wastani minangka ‘komunitas pembelajar’/‘komunitas pasinaon.’ Sumangga kita sami wujudaken kanthi sayektos ing satengahing pasamuwan kita piyambak-piyambak.I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ