+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 3 Juni 2023  Minggu Pantekosta

Ayub 38:22-38; Jabur 8; Yokanan 14:15-17

NGRENGKUH SEDAYA TUMITAH

“Paduka kuwaosaken mengku yeyasaning asta Paduka, samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping tlapakipun:…”

(Jabur 8 :7)

Kamulyan ageng ingkang dipun angge dening manungsa kedah kawujudaken kanthi ngrengkuh titahanipun Gusti sanesipun. Kadosdene Gusti Allah menggalih lan migatosaken manungsa, mekaten ugi umating manungsa ugi kedah migatosaken sedaya titah sanesipun. Sedaya tetaneman lan sato kewan ing pundi mawon papanipun kedah dipun rimati. Manungsa pancen kaparingan panguwaos supados ngginakaken isining bumi kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Ananging manungsa ugi kadhawuhan supados nguri-uri isining bumi supados boten punah. Sedaya punika minangka ayahan ingkang kedah dipun estokaken dening umating manungsa ingkang dipun pitados dening Gusti, mengku sedaya tumitah.

Kenging punapa bab ngrengkuh titahan sanesipun punika minangka prekawis ingkang wigati? Awit kathah tiyang ingkang rumaos bilih panguwaosing manungsa tumrap isining bumi punika saged dipun ginakaken sak sekecanipun. Nalar budi ingkang Gusti paringaken lajeng dipun angge kangge nelasaken isining bumi. Punapa tundhanipun? Bumi sangsaya risak, tetaneman lan sato kewan sangsaya punah! Miris! Menawi manungsa nglirwakaken titahan sanesipun, punika ateges manungsa nglirwakaken kersanipun Gusti! Nglirwakaken jejibahan saking Gusti!

Manungsa sampun ngantos klentu ing penampi nalika maos tetembungan “…sangandhaping tlapakipun…” Punika boten nedahaken agenging panguwaosipun manungsa ananging ugi agenging tanggel jawabipun manungsa. Kamulyaning makutha ingkang Gusti paringaken punika boten ateges bilih manungsa saged tumindak sawenang-wenang. Kosokwangsulipun, manungsa kaparingan tanggung jawab mengku lan ngrengkuh sedaya tumitah. Panguwaos ingkang Gusti paringi punika sejatosipun kangge mbabar katresnan, boten malah kepara kangge nindhes sedaya tumitah! I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ