+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 2 Juni 2023 Minggu Pantekosta

Ayub 38:12-21; Jabur 8; 2 Timoteus 1:12b-14

NJUNJUNG PRI KAMANUNGSAN

“….manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti?

Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?”

 (Jabur 8:5)

Mbok menawi Panjenengan sami nate midhanget unen-unen “homo homini lupus.” Tegesipun, ‘manungsa punika minangka asu ajag kangge sesaminipun!’ Ketingal nggegirisi! Punika minangka panggegiluting para winasis ingkang sedhih nalika nyumerepi kathah manungsa ingkang nindhes sesaminipun. Kathah regejegan ing antawisipun kelompok ing masyarakat, dalah ugi wonten ing gesanging pasamuwan. Pramila, lajeng mijil unen-unen ing nginggil wau. Sinaosa ketingal mrihatosaken, ananging sejatosipun unen-unen punika dados pambereg supados umating manungsa saestu nilar sedaya ingkang awon saha nggayuh jatining katresnan ing antawisipun pra umat, setunggal lan setunggalipun.

Juru Mazmur saestu kesengsem kaliyan pakaryanipun Gusti. Sinaosa manungsa punika makhluk ingkang ringkih, ananging Gusti kersa ngengeti sarta paring kamulyan ingkang inggil. Manungsa ingkang kebak kekirangan punika, kaangkat saha kasucekaken dening Gusti! Ing salajengipun, kados dene Gusti Allah menggalih gesanging manungsa, mekaten ugi umating manungsa kadhawuhan supados migatosaken setunggal lan setunggalipun minangka sesamining titahanipun Gusti. Sampun ngantos umating manungsa malah sami regejegan karana beda agami, suku, golongan saha status sosial. Menawi sedaya sami rumaos paling onjo saha nglepataken sedherek sanesipun, adabipun pri kamanungsan bakal tumuju risak. “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah!” Pancen miris raosing manah kita sami menawi nyumerepi kawontenanipun umat ingkang sami jegal-jegalan setunggal lan setunggalipun karana sami rebutan jabatan lan raja brana.

Manungsa punika katitahaken kanthi elok. Ngangge kamulyan ageng saking Gusti. Pramila sumangga kita sami mujudaken kaelokan punika kanthi patraping gesang ingkang sami ngrengkuh setunggal lan setunggalipun. Awit kamulyan punika sumunar saking endahing katresnan ing antawisipun manungsa! I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ