+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 5 Juni 2023 Minggu Trinitas

Ayub 38:39-39:12; Jabur 29; I Korinta 12:1-3

YESUS IKU GUSTI

“… lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,”

yen ora marga dening Sang Roh Suci.” (I Korinta 12:3)

Sampun cetha sanget! Sampun samesthinipun bilih pengakening kapitadosanipun tiyang pitados dhumateng Sang Kristus ingkang madeg minangka Gusti punika mijil saking Sang Roh Suci. Sedaya tiyang pitados ing alam donya punika mesthi sami mundhi Sang Kristus minangka Gusti. “Inggih kanthi gumolonging manah!” punika wangsulanipun tiyang pitados nalika kaparingan pitakenan: punapa Panjenengan saestu pitados dhumateng Gusti Yesus minangka Juruwilujeng. Prekawis punika pancen saestu jumbuh kaliyan pangandikanipun rasul Paulus dhateng pasamuwanipun Gusti ing Korinta.

Pitakenanipun, punapa pengaken ingkang elok punika saestu ngrasuk wonten ing gesang sapadintenan ingkang kita lampahi? Sampun ngantos pengaken punika namung lamis, namung medal saking tutug kemawon. Sampun ngantos pengaken punika namung minangka simbol utawi tenger kemawon supados kita kawastanan minangka tiyang Kristen. Kedahipun, kita sami ugi kedah masrahakaken gesang kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Kedahipun, Gusti Yesus saestu kita pundhi minangka nahkodaning gesang. Saking wiwitananing enjang nalika kita tangi dumugi paripurnaning dalu, kita saestu nyuwun panganthinipun Gusti. Boten namung ngandelaken kapinteran kita piyambak. Sederengipun kita nindakaken pakaryan, kanthi tumemen kita nyenyuwun pepadhang lan panuntunipun Gusti.

Yesus iku Gusti! Panci leres! Gusti ingkang kita sembah lan kita bekteni. Gusti ingkang kita sambati nalika manah kita semplah. Gusti ingkang dados jujugan kita, Gusti ingkang kita suwuni pitulungan. Gusti ingkang kita tut-wingking, Gusti ingkang kita estokaken dhawuhipun. Punika sedaya mujudaken pengaken ingkang mijil saking lebeting manah sarta kelair wonten ing sauruting gesang.I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ