+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 3 Mei 2023 Minggu Paskah IV

Yeremia 23:1-8; Jabur 100; Mateus 20:17-28

DADI BUDHAK? GELEM?

“lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu,

 iku dadia budhakmu.” (Mateus 20:27)

Apa iku budhak? Tembung budhak manawa miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia tegese antek, hamba, jongos, orang gajian.  Manawa miturut  situs internet Wikipedia, budhak tegese yaiku wong kang dadi darbeke wong liya, ing basa Indonesia, orang yang menjadi objek properti yang dimiliki orang lain.  Ing jaman ndhisik akeh bangsa kang isih nguri-uri babagan perbudakan, ananging ing jaman saiki perbudakan wis ora diidini maneh. 

Lha ing jaman ndhisik apa kang dadi gaweane budhak? Amarga budhak kuwi dadi barang darbeke bendarane, apa-apa ya kudu manut marang bendarane, ora kena nglawan, ora kena ngeyel, kudu manut kang didhawuhake bendarane. Nek ngono, ora penak ya dadi budhak, amarga ora duwe kamardhikan lan uripe gumantung bendarane.

Ananging kenapa ing wacan kitab suci dina iki, Gusti Yesus malah ngandika: sing sapa kepingin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu. Kamangka lumrahe saben wong kepengin dadi pangarep, kepingin pinujul. Wah nek kudu ngono lha ya berat…. kepriben to Gusti Yesus iku.

Kang dikersake Gusti Yesus yaiku aja dadi wong kang gila hormat, gila kedudukan, gila jabatan lan sakpanungalane. Wong bisa dadi pangarep, menawa gelem dadi budhak, basa aluse dadi abdi, ngladeni wong liya, ora malah nindhes wong liya, nuladha Gusti Yesus kang uga karsa dadi abdi nganti seda sinalib. 

Asring nalika lagi nembangake lagu rohani Hati Sebagai Hamba (https://www.youtube.com/watch?v=N0Ku1es5cfs) ketok anggone ngresepi, ketok olehe tumemen, kamangka manawa ora diajeni wong liya sithik wae langsung nesu, manawa neng greja rumangsa ora dianggep banjur mutung ora mangkat ngibadah. Mula awake dhewe kudu sinau dadi batur, dadi budhak, dadi abdi. Gelem? |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ