+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 2 Mei 2023 Minggu Paskah IV

Yehezkiel 34:23-31; Jabur 100; Ibrani 13:20-21

SIRA IKU WEDHUSINGSUN

Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang

padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira.

Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

(Yehezkiel 34:31)

Kang diarani pangon iku wong kang pagaweane angon utawa ngurus kewan. Arane pangon biasane miturut jinis kewan kang diopeni. Upama kang diopeni kuwi sapi, diarani pangon sapi, upama kang diopeni bebek, diarani pangon bebek, upama kang diurusi kuwi wedhus, diarani pangon wedhus, mangkono sateruse. 

Ing kitab suci, rancake pangon wedhus kang asring disebut, awit sajake pancen nalikane jaman kitab suci ditulis, akeh-akehe padha ngingu wedhus, mula gegambaran bab wedhus lan pangon wedhus kuwi kang asring sinebut.  Akeh gambar-gambar rohani kang  nudhuhake Gusti Yesus lagi nggendhong cempe, angon wedhus lan ngasta teken minangka piranti kanggo angon.

Mangkono uga ing wacan kitab suci dina iki, bangsa Israel kalebu uga awake dhewe saiki, sinebut minangka wedhus-wedhus kang dingon dening Gusti Allah. Ora usah nesu menawa awake dhewe diarani lan kaanggep minangka wedhus dening Gusti Allah, malah kudune bungah, amarga Gusti Allah dhewe kang dadi Pangon trumrap uripe awake dhewe saben dina. Saben dina lan saben wektu Gusti Allah anggone angon kita, dituntun ben lakune awake dhewe bener lan pener, diangon tumuju marang kabecikan, kacukupan, ayem tentrem lan sakpanunggalane kang apik-apik. Ora bakal Gusti Allah minangka Pangon arep njlomprongke awake dhewe nuju marang karusakan.

Karana Gusti Allah kang dadi Pangone awake dhewe, mesthi bab kabutuhan-kabutuhan saben dina ya wis dicawiske, ora bakal awake dhewe kaluwen, ora bakal kaliren. Mula ora usah ngresula lan sumelang bab kabutuhaning urip neng donya, sing baku awake dhewe manut marang kang angon, yaiku Gusti Allah, mesthi bakal kacukupan. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ