+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 29 April 2023, Minggu Paskah III

Yeheskiel 34:1-16; Jabur 23; Lukas 15:1-7

KABEGJAN LAN KADARMAN

“Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid

lampah kawula, salaminipun gesang, saha kawula badhe manggen

wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun”

(Kitab Jabur 23:6)

Wonten ing Bausastra Jawi, kabegjan punika tegesipun lelampahan ingkang maremaken manah, kosokwangsulanipun cilaka. Menggah kadarman dipuntegesaken: kautaman utawi pandamel sae. Manawi Juru Masmur gesangipun kebak lelampahan ingkang maremaken manah, kautaman, saha pandamel sae, wah, punika saestu kabingahan ingkang saklangkung ageng. Punapa malih menawi ing paripurnanipun, Juru Masmur badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun. Temtu sedaya punika dados satunggaling kabingahan ingkang tanpa pepindhan.

Wonten ing Pangandharing Toret 28:1-14, kasebataken bilih Gusti Allah badhe maringi sadhengah berkah tumraping umat-Ipun ingkang setya. Sadhengah berkah punika, miturut penginjil Derek Prince, arupi:  pakurmatan, kasarasan, kasuburan, kamakmuran, kamenangan, lan gesang ingkang tansah dados keparengipun Gusti. ketingalipun sadaya berkah punika sampun dipunraosaken dening Juru Masmur, ingkang nggambaraken Gusti Allah kadosdene Pangeni Utami ingkang satuhu nresnani Juru Masmur minangka “mendan-Ipun” ing sadhengah kawontenan.

Pangen Ingkang Utami punika sampun manjalma wonten ing pribadining Gusti Yesus Kristus (Yok. 10:1-21). Panjenenganipun netepaken kita minangka menda-mendanipun. Minangka para kagunganipun Gusti, kita badhe nampi sadhengah kabegjan lan kadarman ing sauruting gesang kita sauger kita sami wanuh dhateng Panjenenganipun lan ngetut wingking Panjenenganipun. Sumangga, sadaya punika kita tindakaken kanthi setya supados kabegjan lan kadarman punika tansah ngirid ing sauruting gesang kita, sae ing ndonya, punapa dene ing swarga. │*IWS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ