Lelakone Para Rasul 2:42-47; Jabur 23; I Petrus 2:19-25; Yokanan 10:1-10
PATULADHAN
“… Gusti Yesus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari
tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.”
(I Petrus 2:21b-c)
KItab Suci paring paseksi bilih anggenipun Gusti Yesus nampi paukuman (salib), punika supados kita sami pinaringan pangapuntening dosa. Panjenenganipun dipunpilara supados kita kasarasaken. Panjenenganipun kadadosaken dosa, supados kita kadadosaken leres dening kaleresan-Ipun. Panjenenganipun nglampahi seda, supados kita nampi gesang-Ipun. Panjenenganipun ngalami kamiskinan, supados kita ngrahabi kaluberan-Ipun. Panjenenanipun nanggel raos lingsem, supados kita nampi kamulyan-Ipun. Panjenenganipun nanggel panampik, supados kita katarimah dening Gusti Allah Sang Rama. Panjenenganipun dados laknat, supados kita nampeni berkah.
Dados, punapa malih ingkang kedah kita tindakaken? Mboten wonten, kejawi namung tansah nindakaken patuladhan-Ipun. Manawi kita sampun kaapunten dosanipun dening Gusti, kita ugi sami ngapunteni dosaning sesami kita. Menawi Gusti sampun nyarasaken sesakit kita, kita ugi sami nyarasaken sesakiting tiyang sanes. Manawi Gusti sampun ngleresaken kita, kita ugi sami ngleresaken tiyang sanes srana mbudidaya supados tiyang punika purun mratobat saking kalepatanipun. Menawi Gusti sampun maringi gesang kangge kita, kita ugi maringi gesang kangge sesami kita ingkang mbleret utawi malah pejah semangat gesangipun. Manawi kita sami kaparingan kaluberan dening Gusti, kita ugi andum kaluberan dhateng tiyang sanes, satemah kabingahan wonten ing Sang Kristus saged ugi karaosaken dening sesami kita. Kanthi nindakaken patuladhanipun Sang Kristus punika, gesang kita temtu badhel ndayani sae tumrap gesanging tiyang sanes. Inggih punika ingkang dipunkarsakaken dening Gusti, supados sadaya manungsa, inggih sadaya “mendan-Ipun” samia wilujeng lan nampeni