Pangentasan 3:16-22, 4:18-20; Jabur 23; I Petrus 2:13-17
RATUNING RATU
“Padha ngajenana wong kabeh, padha nresnanana sadulur-sadulurmu
kang tunggal pracaya. Duwea rasa wedi-asih marang Allah,
ngurmatana raja”
(I Petrus 2:17b)
Wonten salah satunggaling program ing TV ingkang nyiaraken bab sujarah Mesir, nyariosaken bilih para raja ing tanah Mesir, ingkang gelaripun: Pringon (Firaun) lan ingkang sami ngrumaosi tedhak-turunaning dewa punika sami tansah ngelak dhateng panguwaos, kalenggahan, kadigdayan, kamulyan, saha pepujen. Ngantos sedanipun, raganipun ingkang sampun pejah punika sami kadadosaken “mumi”, dipunawetaken, malah saperangan wonten ingkang kasarekaken wonten ing salebeting wangunan candhi ingkang saestu agung-nengsemaken ingkang kasebat Piramid. Supados punapa? Supados asma, panguwaos, kaagungan kadigdayan, saha kamulyanipun tansah dipunenget-enget dening rakyatipun dalah bangsa-bangsa sanes. Lan mumi-ipun, punika kadosdene bukti “gesang langgengipun”, bilih Sang Pringon punika sampun nampi kalanggengan ing alam kalanggengan, dados dewa ing alam kalanggengan, sinaosa raganipun sampun pejah lan samangke dados mumi ingkang umuripun ewonan taun.
Langkung-langkung Gusti Yesus ingkang nate seda, nanging lajeng kawungokaken dening Gusti Allah. Panjenenganipun gesang malih. Panjenenganipun lajeng kamulyakaken ing swarga minangka Putraning Allah ingkang Mahasuci, Ratuning para ratu, inggih Sang Nata Agung ingkang adhedhampar wonten ing Kratoning Allah ing Swarga ingkang langgeng, ing salebeting baluwartining Yerusalem ingkang bakuh lan saklangkung endah.
Soksintena ingkang sami ajrih-asih dhateng Panjenenganipun, badhe kaparingan gesang langgeng kadosdene Panjenenganipun. Ajrih asih dhumateng Gusti punika tegesipun mbangun turut dhateng dhawuhipun. Gusti ngersakaken kita tansah ngajeni sesami dan ngabekti dhumateng Gusti. │*IWS