P. Toret 30:15-20; Jabur 119:1-8; I Korintus 3:1-9; Matius 15:21-37
ASU
“Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane:
Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak
banjur diuncalake marang asu.”
(Mateus 15:26)
Kadospundi raosing manah nalika wonten ingkang ngarani utawi misuhi ‘asu’. Mesthi kemawon pingget manahipun. Raos mangkel lan nepsu amargi dipadhaken kewan. Napa malih kewan ingkang klebet ‘kemproh’ sangsaya ndadosaken kaasoran. Limrah menawi tuwuh raos boten trimah awit lajeng males, ‘asu’ uga. Menawi ingkang misuh punika tiyang ingkang kirang tata, boten ngertos tata krama, memper. Lah kadospundi menawi punika dipun tindakaken dening tiyang kristen? Temtu kemawon boten saged dipun tampi. Awit tiyang Kristen punika kawentar minangka tiyang ingkang welas asih, lembah manah lan dhemen bedhamen.
Emanipun, tembung ‘asu’ ing waosan dinten punika malah dipun ngendikakaken dening Gusti Yesus dhateng pawestri ingkang saking Kanaan ingkang badhe nyuwun saras kagem anakipun? Punapa ateges Gusti Yesus sampun kecalan welas asih lan katresnan? Bab Gusti Yesus ngendika mekaten, ingkang sepisan ajeng nyaruwe bangsanipun Israel karana gadhah panganggep dhateng pepadha saking bangsa sanes punika boten manungsa malih lan dipunpadakaken kaliyan kewan, punika sampun limrah ing tatanan sosial. Bangsa ingkang rumaos unggul lan pinunjul saha kapiji Gusti Allah, minangka bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi. Pramila lajeng ngremehaken bangsa sanes tumindak daksiya.
Saestunipun Gusti Yesus mbereg bangsa Israel minangka pepilihanipun Gusti sageda nggadahi raos kumandel kadosdene pawestri saking Kanaan. Ingkang kaping kalih, mbok inggiha, sami ngaosi ing pepadha tanpa mawang bangsa, suku, ras, agami. Awit saestunipun jejer minangka umatipun Gusti punika minangka sih rahmat ingkang ugi kaparingaken dhateng sedaya manungsa. Salajengipun kita ugi saged ngrumaosi sinten ta kita lan kados pundi pandamel kita ing ngarsanipun Gusti saha ing ngajenging pepadha? Punapa sampun nitipriksa kawontenaning gesang pribadi saderengipun mawang gesaning pepadha. Payo sami nresnani kados katresnan dhateng dhiri kita piyambak! Amin. |*AS