+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senin, 13  Februari 2023 Minggu Limrah V

Pangentasan 20:1-21; Jabur  119:9-16;  Yakobus 1:2-8

PENDADARAN

“Jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.”

(Yakobus 1:3)

Manawi ningali ujian praktek SIM C ing Mapolres kanthi patrap nyetir motor mawi enggokan lan boten kengging nabrak pembatas kathah ingkang gagal. Mirungganipun ing ubengan utawi bunderan ingkang alit lan sempit. Sanajan dipunwangsuli meksa kathah ingkang mboten lulus. Salah satunggaling sebab, kejawi pancen jaluripun sempit, ingkang sami ujian ajrih menawi nabrak lan dhawah.  Saestu punika pandhadharanipun tiyang pados SIM C.

Wondene pandhadhar ing gesanging karohanen ugi kamot ing piwulanging Yakobus. Serat Yakobus pratela bilih kapitadosan kita kadhadhar  rikala wonten panyoba werna-werna ingkang nempuhi gesang. Saged tumama ing bab rejeki, bebrayan, kasarasan, masamuwan, jodoh lan sapanunggalanipun. Ngadhepi sedaya pacobening gesang punika boten sedayanipun umating Gusti saged lulus. Jalaran wonten ingkang dhawah, enda lan  age-age sumingkir karana sampun boten kiyat malih.  Kamangka pangajeng-ajenging gesang dherek Gusti inggih punika binerkahan; tebih saking sesakit lan panandhang, sarwa kepama.

Manawi nate mireng kidung ‘Jangan Pernah Menyerah’ saking lare Edward Chen, wonten tembung ‘Tuhan tak pernah janji langit selalu biru, Tuhan tak pernah janji jalan selalu rata’ punika pancen nyata. Bilih dherek Gusti boten ateges boten wonten panggiri godha lan Gusti boten nate prasetya bilih margi ingkang kita ambah badhe alus, rata, lan lenceng. Menawi kemutan bebahanipun Yokanan Pembaptis anggenipun nglencengaken lan wrataaken lurung margi kagem rawuhipun Gusti ing Betlehem punika ugi saged dipun artosaken bilih gesanging manungsa boten warata, medhak medhukul kathah pacoben. Sedaya kedah dipun adhepi kalawan tatag lan tanggon,  ngemudheni dhiri kathi manah ingkang wicaksana supados ing tembe kita tampa pituwas sabar mantep. Sesarengan punika tansah kumandel bilih Gusti Allah tansah mitulungi lan mberkahi. Jer sih susetyane iku langgeng. Sih kadarmanipun ngantos ing salaminipun. Amin.  |*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ