+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu,   11  Februari 2023 Minggu Limrah IV

Pangandharing Toret 30:1-9a;  Jabur 119:1-8; Mateus 15:1-9

PAUGERANING GUSTI

“Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau;

“Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah

marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?”

(Mateus 15:3)

“Le, koe kok mbolos sekolah? Wis diragadi nemen malah mbolos, kui jenenge ra tanggung jawab!” “Sampun mekaten Bu, kulo mbolos sekolah karana boten saged konsentrasi lan mboten mentala bilih Ibu nembe gerah, kula kepeksa Bu. Awit badhe ngancani Ibu, lha nek Ibu mbetahaken punapa-punapa, sinten ingkang badhe mbiyantu menawi mboten putranipun Ibu piyambak?” Makaten pirembaganing ibu kalawan putranipun ingkang nedya boten mlebet sekolah murih saged ngrimati kang ibu ing nembe gerah.

Boten ateges mbelani satunggal lan nglirwakaken sanesipun, pancen ing gesang punika kita asring ngadhepi prekawis ingkang remit lan wonten resikonipun piyambak-piyambak.  Temtu kedah wonten panimbang ingkang wening, pundi ingkang prioritas pundi ingkang boten. Pundi ingkang  kabetahan pundi ingkang pepenginan.  Pundi ingkang akibatipun rekaos lan pundi ingkang entheng. Pundi ingkang dipunkersaken Gusti Allah pundi ingkang namung nggega pikajengipun piyambak. Panimbang punika wigatos.  Supados  kita  boten gela ing tembe lan saged tanggel jawab dhateng bab ingkang kapiji.

Waosan Injil dinten punika nyariosaken panyaruwenipun Ahli Toret lan tiyang Farisi dhateng para sakabat ingkang kadakwa nglirwaaken tata adat Yahudi, anggenipun boten sami wijik nalika badhe nedha. Kamangka ngudi lestantuning gesang; minangka paugeraning Gusti, langkung utama katimbang tata adat Yahudi.  Wondene  para Farisi lan ahli Toret langkung nengenaken tata adat Yahudi anggenipun boten saged mbiyantu tiyang sepuhipun karana samudayanipun sampun kagem pisungsung Gusti. Pundi ingkang langkung utama, netepi adat-istiadat punapa paugeraning Gusti Allah.  Gusti Yesus dhawuh supados kita sami bangun turut ing paugeraning Allah. Kados pratelanipun, Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustine dina Sabat.” (Mateus 12:8). Wosipun ingkang baken bilih  tutuk, manah saha pandamel punika kedah  laras lan cundhuk kaliyan paugeraning Gusti Allah. Amin. |*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ