+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah,  10  Februari 2023 Minggu Limrah IV

Kaimaman 26:34-46;  Jabur 119:1-8;  I Yokanan 2:2-17

TAUN SABAT

“Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun

sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal

ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane;

mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun,

lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun”

(Kaimaman 26:43)

Revolusi Hijau tumuju ing swa sembada beras rikala jaman Orde Baru, meksa para kadhang tani ningkataken hasil panenanipun. Sedya punika kaupadi kalawan pangetrape bahan kimia, badhea kangge pupuk punapa dene kangge herbisida lan pestisida. Makaten ugi system tanam ingkang homogen lan ajeg. Nanem pantun ing saben taunipun.  System tanam ingkang kados punika, ing kawitan kasil. Nanging saya dangu saya suda. Jalaran bahan kimia ingkang kabetahaken sangsaya kathah.  

Nalikanipun saben   dipuntanemi tanpa kendhat lan ugi boten tumpang sari utawi gentosan jinis tanemanipun; wingi pantun sakmenika jagung. Temtu wonten unsur hara pitamin siti ingkang suda, conto Kalium utawi nitrogen. Malah kepara saged telas unsur haranipun; perangan ingkang migunani tumrap taneman tuwuh, ngrembaka lan ngrebda wohipun.

Ing tradisi taun sabat, taun kaping pitu punika siti boten kenging dipuntanemi (mirunggan saben lan tegalan). Siti dipun sumenekaken kersanipun sami ngaso. Ing wekdal ngaso punika siti mulihaken dhiri, mulihaken unsur hara. Dados wonten konsep ekologi berkelanjutan ing Toretipun Gusti Allah. Gusti ugi maringi paukuman dhateng manungsa ingkang nglirwaken taun sabat kagem pasiten, pasiten ingkang cengkar saklawase.

Saking pangandika punika, sumangga kita ngetrapake konsep ekologi ingkang lestari prayogi dados program greja ingkang kaolah murih saged dados pakulinan gesang. Kadosta,  uwuh dibucal manut jinisipun. Ingkang organik lan plastik kedah kapilah. Nyuda ngagem kantong plastik rikala blanja lan mbungkus tetedhan. Sarana ngolah lingkungan miturut tata ekologi berkelanjutan kados ingkang kamot ing paugeraning sabat, mugi kawontenaning jagad sangsaya kapulihaken lan lestari. Murih kaluhuraning sagunging tumitah sageda kebabar. Amin.|*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ