+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis,  9  Februari 2023 Minggu Limrah IV

Purwaning Dumadi 26:1-5; Jabur 119:1-8; Yakobus 1: 12-16

PAILAN ORA PISAN PINDHO

“Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik

kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak

 menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.”

(Purwaning Dumadi 26:1)

Adhakanipun, ingkang nama pailan punika kalamangsa nempuh ing sawijing tlatah utawi nagari. Menawi pailanipun sampun mendo, sumingkir lan rampung, sekedhik mbaka sekedhik, karaharjaning masyarakat pulih malih. Tiyang sami miwiti panyambut damel lan pambudidayanipun malih awit kawontenanipun sampun normal. Benten menawi anggenipun tinempuh ing paelan punika boten pisan pindho nanging malah wongsal-wangsul. Saged dipunwastani papan punika bera lan boten wonten toyanipun. Sipat sitinipun  boten saged nando toya, lan boten prayogi kagem tetanem. Njalari boten saged panen, wusana reregan sayur, gandum utawi beras awis, malah kedah tumbas saking njawinipun papan punika.

Paelan ingkang dhatan kendat punika saged kemawon jalaran papan geografis utawi geologinipun awon. Ananging saged ugi minangka kersanipun Gusti supados manungsa ing papan punika wekel ing panyambut damel.  Boten gampil kendho lan nglokro supados saged manggihi karaharjan ing tembe. Kados Gunung Kidul. Tlatah Gunung Kidul  punika rumiyin angel kangge tetanem. papanipun garing tebih saking toya, selanipun inggih kathah. Begjanipun warganing masyarakat tebih saking pasambat lan wekel nyambut damel ngolah pasiten tundanipun kita saged nyekseni karaharjaning Gunung Kidul. 

Ing Purwaning Dumadi 26:1-5 punika mratelaaken bilih Rama Iskak dumugi Gerar lan pinuju pailan ingkang ugi nate kedadosan rikala Rama Abraham tumuju papan punika. Gadheng pailan, Rama Iskak sumedya badhe nglajengaken tindakipun ing nagari Mesir ingkang boten kenging pailan. Namung Gusti Allah nyandhet sedyanipun supados tetep manggen ing papan punika. Kepara ngemutaken dhateng prasetyanipun marang Rama Abraham, bilih Gusti Allah bakal nunggil lan paring berkah. Lan lumantar berkah punika, bumi anggenipun Rama Iskak manggen bakal kaberkahan ugi. Bab punika saestu ngatag dhateng kita sedaya, ing pundi Gusti Allah mapanaken lan ngersakaken kita manggen, tetelaa berkahipun Gusti ingkang nyata. Uger kita boten nglokro lan kendho, tansah mbudidaya lan ndedonga, Gusti mitulungi. Amin. |*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ