+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo,  8 Februari 2023 Minggu Limrah IV

Wulang Bebasan 6: 6-23; Jabur  119: 105-112; Yokanan 8:12-30

KESED

“He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.”

 (Wulang Bebasan 6:6)

Manawi kita badhe miwiti satunggaling pandamel, badhea punika damel renungan utawi badhe sinau, asring kadunungan raos aras-arasen punapa dene wegah. Manawi raos punika dipun openi, tundhanipun ndadosaken tiyang punika kesed.  Punapa malih nalika ningali   pandamel ingkang badhe kita lampahi utawi dipuntindakaken punika angel, awrat, boten ngremenaken lan mboseni. Sanjan ta makaten, kesed saged ugi tuwuh awit patrap   nggampangke, ngremehaken lan nyepelekaken. Alesanipun “Ah mengko bae/sesuk bae, nembe repot, ora ana bathine” lan sapiturutipun. Makaten ugi wontenipun mawerni-werni momotan lan panyandang ing sauruting gesang kadosta sesakit, kasripahan lan karupekan sanes-sanesipun, saged kemawon nuwuhaken kesed. Wosipun kathah alesan anggen kita kesed; boten ngrampungaken ayahan.  Tundhanipun kita piyambak ingkang keteteran.  Wusana ngraosaken nglokro lan semplah. Perangan nglokro lan semplah ingkang saged kemawon kelampahan ing gesangipun kajasmanen, nanging ugi karohanen. Kadosta nelakaken kesed ndedonga, maos kitab suci, ngibadah lan sapiturutipun.  

Wulang Bebasan mbereg kita sinau saking semut. Satunggaling yeyasanipun Gusti Allah ingkang saestu ringkih nanging sregep. Sanajan ingkang disunggi bobotipun ngluwihi bobote awake, lakune panjang lan minggah mudhun, wongsal-wangsul.  Prasasat boten ngaso babar pisan menawi dereng rampung.    Samidene gotong royong lan prihatos.  Malah kadang boten nedha sawetawis wekdal kalawan ancas murih tandon panganipun sageda cekap kagem wekdal panjang lan kangge sedaya kawulanipun. Boten badhe kerapan lan kaluwen. 

Lha kita punika yeyasanipun Gusti ingkang langkung pinunjul, pepak lan jangkep. Kedahipun langkung sregep/boten kesed.  Gesang kebak ing pangucap sokur ing kawontenan menapa kemawon, bingah lan sisah. Tetep grengseng makarya murih indaking sihipun Gusti sangsaya ngrembaka. Sinau saking semut, ajining manungsa punika ngluwihi semut.  Manawi  kesed, lah kados pundi ing tembe? Punapa boten lingsem? Payo sigrak ing panyambut damel leladi ing satengahing brayat, masyarakat, lan greja karana kita punika sarem lan pepadhang ingkang dipuntulad dening jagad. Amin.  |*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ