+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 4 Februari 2023 Minggu Limrah III


Yesaya 29:13-16; Jabur 112:1-9; Markus 7:1-8
WICAKSANA INGKANG ILANG
“…, kawicaksanane para wonge kang wicaksana bakal ilang,
tuwin kapinterane para wonge kang pinter bakal ndhelik.”
(Yesaya 29:14b)
“Kahanan jaman saiki kok kaya ngene. Akeh kang padha paten-patenan.
Perundungan ing antarane kanca sekolah. Padudon ing antarane tangga dhewe.
Urip bebrayan padha bubrah marga anane pelakor. Bocah sekolah padha
mbolos, warta neng medsos akeh hoaks, padha pamer banda donya, pamer
aurat, politik identitas, ngomong kasar/jorok sampun kulina.” Punika
ngendikane simbah wonten ing teras sinambi ngopi kaliyan udud linthingan
mbako Boyolali.
Mbok bilih punika kahanipun umat lan jagad rikala Kitab Yesaya punika
kaserat. Menawi kita gatosaken ing waosan punika, punika sedaya kalampahan
karana icalipun kawicaksanan. Lan icalipun kawikcasanan punika karana
kersanipun Gusti Allah piyambak. Mbok menawi kita saged nggalih ugi,
kahanan umat lan bangsa ing jaman Yesaya saged ugi kelampahan ing jaman
samangke. Ananging asring kita njeksani bilih kahanan punika pinangkanipun
saking setan. Utawi saking manungsa ingkang kapanjingan dhemit. Inggih
punika tiyang ingkang keblingger boten ngenut pranataning negari lan
pranataning agami. Menawi kahanan punika pinangkanipun saking kersanipun
Gusti Allah piyambak, ingkang saged kita upadi inggih ndedonga nyuwun Gusti
Allah kersa mulihaken.
Kejawi ndedonga, umatipun Gusti Allah ingkang taksih winengku ing
kawicaksanan, kedah purun makarya. Mbabaraken kawicaksanan punika ing
satengahing gesang. Badhea ing tataran politik, ekonomi lan kabudayan murih
tuwuh lan indaking karahajaning negari punika. Boten namung makarya ing
sakupengipun greja lan sinode kemawon, ananging medhal tumut sengkut
makarya, paring iguh pratikel ing masyarakat kanthi kanugrahan sacara
pribadi menapa dene golongan ingkang sampun diparingaken Gusti Allah
dhateng kita sedaya. Ugi sampun ajrih lan semplah nalikanipun kita kaanggep
golongan minoritas lan kathah pambengan rikala kita tumut makarya ing
satengahing masyarakat lan nagari. Temtu kanthi ancas raharjaning nagri
minangka sipat pawartos kabingahan. Amin. |*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ