+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 5 Februari 2023 Minggu Limrah IV


Yesaya 58:1-9a (9b-12); Jabur 112:1-9 (10); I Korinta 2:1-12 (13-16); Mateus
5:13-20
ORA NYUMURUPI APA-APA
“Sabab aku ora duwe sedya nyumurupi apa-apa
ana ing antaramu kajaba Gusti Yesus Kristus,
yaiku Panjenengane kang sinalib.”
(I Korintus 2:2)


“Le, kowe kok ora sinau, sesuk ujian lho. Nek bijimu elek piye? Ora lulus
mengko? Bapak ibumu wis rekasa golek ragad nggo sekolahmu srana utang
kana rene!” Punika pangadikan saking Bapak rikala methuki anakipun ora
sinau malah ngegame. “Tenang wae, Pak pelajaranipun sampun cumenthel
ing sirahku. Sesuk pas ujian tas-tes 20 menit rampung!” wangsulane thole.
“Oalah Le, piye to?” pangandikanipun Bapak sajak duka.
Kita sedaya nate pratingkah kadosdene lare. Rumaos nggampilaken sedayanipun.
Rumaos sampun mangertos lan apal sadayanipun lajeng gumunggung.
Boten namung ing bab pasinaon lan seserepan nanging ugi ing bab pengalaman
gesang. Lajeng nggampilaken lelampahing gesang, malah saged ugi dhumawah
ngremehaken pepadha. Tundanipun kita rumangsa bisa tebih saking raos
bisaa rumangsa.
Kita sinau saking Rasul Paul ingkang ing tataran akedemik punika unggul.
Ing tataran Toret sampun khatam saha nindakaken tanpa cacad. Ing pawartos
kabingahan taberi lan tatag unggul ing bab basa lan budaya. Makaten ugi
ing kalenggahan sosial, saestu pinunjul. Gadhah KTP Roma ingkang sinawaban
hak mirunggan/istimewa.
Ing waosan punika mratelaaken, ing sedyanipun Rasul Paul boten badhe
nyumurupi punapa-punapa. Saged ngemu teges, dipun selehaken rumiyin utawi
boten dipunagem sedaya kaunggulanipun ing bab karohanen lan seserepan
saha tumindak becikipun. Saged dipunawastani, nyelehaken panyakrabawa
punapa kemawon, nengenaken andhap asoring manah. Lah kok saged mekaten?
Awit ingkang dipungatosaken utawi underanipun namung Gusti Yesus ingkang
sinalib. Awit saking punika, sedaya perangan ing gesangipun, badhea kaunggulan
punapa dene kasagedan kaeneraken dhateng Sang Kristus Yesus. kalebet
pemanggih, tetembungan, manah lan tumindhakipun namung mbabaraken
Sang Kristus pribadi. Boten wonten sanesipun, inggih punika Gusti ingkang sinalib
seda, dhatengaken kawilujengan langgeng tumrap manungsa. Amin|*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ