+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 3 Februari 2023 Minggu Limrah III

Yesaya 29:1-12; Jabur 112:1-9; Yakobus 3:13-18
KUMEREN
“Sabab angger ana kumeren sarta mung mikir awake dhewe,
mesthi bakal ana kekisruhan sarta sarupane panggawe ala.”
(Yakobus 3:16)


“Bu, aku ra sida melu PA Pemuda!” Ujare Agus kambi nyelehke Alkitab ning
meja. “Lha, ngapa Le, kok ra sida PA?” Simbok nyaketi Agus wonten ruang
tamu. “Lah mosok sing mimpin PA pijer kuwi-kuwi bae. Ora tau didum liyane.
Sing diianggep cocok! Didhapuk terus. Bola bali angger ketuane Budi mesti
ngono, kesane pilih sih!” Simbok lajeng mangsuli: “Ngono pa? Apa kuwi ora
saka atimu sing kumeren, rumangsa ora kanggo? Mbok menawa Mas Budi
gadhah pamawas dhewe, Le!” Raos kumeren sanyatanipun saged pinanggih
ing salebeting pasamuwan. Njalari ingkang rawuh sudha, PA-nipun boten
grengseng malih. Rapat boten saged quorum, anggenipun nimbang lan
mutusaken prekawis.
Ing pangadika punika paring ater-ater supados kula lan panjenengan boten
kumeren. Kumeren punika nuwuhaken dredah, pasulayan, padudon, kisruh
lan panggawe ingkang ala. Dados menawi dredah sulayah lan sapiturutipun
punika kalampahan ing brayat kita, ing pasamuwan kita, saged ugi punika
kawitan saking kumeren. Kumeren ingkang tuwuh ing salah satunggaling
paraga brayat utawi pasamuwan. Kados pundi supados kita saged tebih saking
kumeren punika? Ing ayat 13 mratelaken bab wicaksana ingkang tuwuh
saking budi sareh (lemah lembut; Ind). Mesu budi, ngolah nalar kanthi seserepan
saking kitab, buku, kahanan, gesang padinan, pitutur, tradisi, pranatan punika
mirungga kagem njangkepi saha boten kandeg lan kendel karana ngelmu
ing jagad nemahi ewah-ewahan. Menawi nalar sampun kaolah, salajengipun
kita nyinau sareh utawi sabar kanthi aben ajeng kaliyan kahanan lan kawontenan
ingkang ngatag lan nanthing sabaripun kula lan panjenengan. Nalar lan sabar
kaolah sesarengan nuwuhaken kawicaksanan kagem nata gesang, sesrawungan
lan patunggilan kita kaliyan asanes supados manggihaken kaelokan gesang
lan nampi bentening asanes. Benten ing pemanggih. Benten ing kasudibyan
utawi talenta. Benten ing pangajeng-ajeng. Awit saestunipun berkahipun
Gusti dhateng umatipun punika pinta-pinta. Nanging sedaya anjok ing
kamulyaning asmanipun Gusti miwah karaharjaning sesami. Amin. |*AS

Renungan Dalam Bentuk Audio Video

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ