+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 2 Februari 2023 Minggu Limrah III


Pangandharing Toret 4:1-14; Jabur 112:1-9, I Yokanan 5:1-5
LESTARI URIP
“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan
kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe
lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.
(Pangandharing Toret 4:1)


“Pak sasi wingi njenengan tumbas kipas angin, kok saiki ora ana, neng endi?”
Simbok gobyos madosi kipas angin karana siang punika hawane sumuk.
“Anu, Bu, ndak servis, rusak dinamone.” Bapak mangsuli saking teras. “Oalah,
Pakne durung ana sesasi, barang anyar wis rusak!”
Menawi kita gatosaken ing sakiwa tengen gesang kita, barang darbe kita
punika wonten ingkang awet, wonten ingkang gampil risak, wonten ingkang
kadaluarsa. Mirunggan tumrap panganan lan barang tartamtu. Punika ugi dados
gambaran bilih ing jagad punika boten wonten perangan ingkang lestari
kawontenanipun. Wonten wancinipun sirna lan muspra.
Wonten ing ayat punika mratelaaken bilih syarat kagem lestari ing gesang
punika mirengaken katetepan lan pranatan lajeng dipuntindakaken. Punika
ateges ngolah pepakon kanthi wening lan nenimbang kanthi pitulunganipun
Gusti. Contonipun, “kowe aja nyawiyah Asma Yehuwah”, lajeng nenimbang
ing praktekipun punapa inggih cekap asring ngucap “Gusti Allah, Gusti Allah”,
utawi ing salebeting pandonga lajeng ngucap haleluya wongsal-wangsul,
“Haleluya, haleluya, haleluya”? Ingkang baken, ing pandonga boten namung
minangka padatan ananging negesi kanthi nindakaken punapa ingkang kita
dongakaken ing salebeting gesang. Menawi asring ngucap Gusti Allah tanpa
teges ingkang mumpangati lan ngajeni punika boten prayogi. kalebet latah.
“Sithik-sithik Gusti Allah. Sithik-sithik Gusti Allah. Gusti Allah kok sithik.”
Kamangka Gusti punika Allah ingkang sarwa dumadi. Ingkang nata keprabron
jagad lan swargi. Asmanipun kedah kita mulyakaken ing manah lan gesang kita.
Kalawan katumemenan anggenipun netepi katetepan lan pranatanipun
Gusti, sinartan panjurung pitulunganipun Gusti lumantar Sang Roh Suci,
gesang kita tansah lestari, laras kaliyan prasetya lan pangandikanipun Gusti.
Amin. |*AS
39
Jemuwah, 3 Februari

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ