+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 1 Februari 2023 Minggu Limrah III


Rut 3:1-13, 4:13-22; Jabur 37:1-17; Lukas 6:17-26
PANGAYOMAN INGKANG NUWUHAKEN BEGJA
“Rut banjur dikandhani dening Naomi maratuwane:
“He anakku engger, apa ora prayoga aku nggolekake
pangayoman kowe, murih kabegjanmu?”
(Rut 3:1)


Ningali peksi damel susuh punika saged kagem pepemut kita. Peksi punika
riwa-riwi pados papan ingkang kaanggep aman. Munggah mudhun pados
pang ingkang bakoh. Asring mider-mider ing uwit siji lan sijinipun. Menawi
sampun kaanggep pas lan aman lajeng pados bakal damel susuh saking
pang garing, dami garing, godhong garing. Dipun tata ngantos pinten-pinten
dinten. Supados mangkenipun wancinipun ngendhog, susuhipun dados papan
ingkang aman lan nyaman. Tebih saking mengsah sanesipun ingkang saged
kemawon nedha endhogipun lan mangsa piyikipun.
Kita ningali kahanan Naomi lan Rut ingkang ngraosaken kapitunan lan
panandhang. Anggenipun sami luru tedha wonten ing Moab sawanci Israel
nuju paelan lan paceklik. Sami boten kasil malah telas sedayanipun. Kalebet
semah lan putranipun kekalih, Mahlon lan Kilyon ingkang tilar donya. Kantun
Naomi piyambakan, kaamping-ampingan Ruth, mantunipun. Kekalihipun
lajeng sami wangsul dhateng Israel. Kagem gesang padinan, Rut ndherek
derep, lan ngasag rikala woten tiyang ingkang panen gandum. Mendeti sair
gandum ingkang dhawah lan kasisihaken kagem tiyang sekeng lan boten
gadhah saben. Manut tradisi Taurat, saben panen kasisihaken, boten
dipanen ing pojok-pojok kagem para tiyang sekeng. Saged panjenengan
gambaraken kados pundi rekaosipun Naomi lan Rut lan kados pundi tradisi
sosial masyarakat ingkang sami nggatosaken lan tulung tinulung.
Awit kasangsaran ingkang karaosaken, Naomi mbudi daya murih Ruth wonten
ingkang mengku lan nggarwa minangka pangayomanipun. Rahayu, awit saking
katresnanipun Naomi lan pambangun turutipun Rut dhateng marasepuhipun,
wusana Boaz, kepareng nggarwa Rut, miturut tata adat lan tradisi Yahudi.
Ing tembe, Rut peputra Obed, ingkang minangka Ramanipun Isai, ramanipun
Prabu Daud, taleripun Gusti Yesus Kristus. Pados ayom supados begja punika
namung pitados lan sumarah ing Gusti sanajan kawontenanipun tebih
saking pangajeng-ajeng. Gusti Mberkahi! Amin.|*AS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ