+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 11 Januari 2023 Minggu I saksampunipun Epifani


Yesaya 51:1-16; Jabur 89:5-37; Mateus 12:15-21
MINANGKA PEPILIHANING ALLAH
“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake
keparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakal
ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.”
(Mateus 12:18)


Tansah mbingahaken manawi gesang kita, minangka minangka abdinipun
Gusti punika saged dados keparengipun Gusti. Tansah ngudi kaluhuraning
asmanipun Gusti. Kaluhuranipun Gusti ingkang tuwuh saking pandamel,
“ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa”. Gesang rumaket
kaliyan Gusti, Allah ingkang satuhu Maha Mulya lan maha Adil punika.
Gusti Yesus priksa bilih Panjenenganipun punika pinangkanipun saking
Gusti, lan saestu bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah pribadya ingkang
karsa rawuh lan makarya ing jagad. Pakaryan nindakaken punapa ingkang
sampun kaprasetyakaken wiwit jaman kina mila. Wiwit saking Adam, bapa
leluhur, para nabi, ngantos sapriki. Pakaryanipun tansah lumampah ing
saurutipun zaman. Gusti Yesus Kristus minangka pepilihanipun Allah saetu
namung nindakaken pakaryan saking dhawuhipun Gusti Allah. Sadaya Punika
minangka babaring sih piwelas-pitulung, lan minangka tuladha tumrah
dhateng sadaya kagunganipun, inggih para pepilihanipun.
Kita inggih asring nyebat bilih diri kita punika minangka peranganipun para
pepilihanipun Gusti Allah, awit pitados dhateng Gusti Yesus minangka Allah
lan juru wilujeng. Kita inggih pitados bilih kita, kejawi nampi sih-rahmat
tentrem rahayu ugi nampi tanggel jawab mbabaraken sih-rahmat lan tentrem
rahayu. Nedahaken bilih gesang kita minangka peladosipun Gusti. Dadosa
punika pradataning pasamuwan, komisi, bidang, mliginipun pandita utawi
pamulang sumrambah ing sadaya pandherekipun Gusti. Kalamangsanipun
wonten ingkang mungel bilih awakipun namung pasamuwan limrah, boten
gadah seserepan bab teologia. Pamanggih ingkang makaten tentu boten
trep. Awit sedaya ingkang mangertosi sinten ta Gusti Allah ing pakaryaning
Sang Kristus lan Sang Roh Suci, lan mangertosi punapa ingkang dipun
kersakaken Gusti tumrap ing gesangipun lan sesami, sampun nindakaken
teologi. Tansaha pitados bilih Sang Roh makarya ing gesang panjenengan.
Dadosa kaluhuran asma Dalem Gusti. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ