+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 10 Januari 2023 Minggu I saksampunipun Epifani

Yeremia 1:4-10; Jabur 89:5-37; L. Para Rasul 8:4-13
APANGAWAK SANG PANGUWAOS
“Wong iki apangawak panguwaosing Allah kang
kasebut Sang Panguwaos Agung.”
(Lelakone Para Rasul 8:10b)
Sadaya tiyang kepinging nggadahi panguwaos ingkang nggegirisi, kadosta
ukara; “idune mandi” utawi “ucape mandi”. Ingkang artosipun bilih sadaya
pangucapipun badhe kalampahan. Sadaya panjangka, pangrasaning batosipun
dipun udaneni Gusti. Sadaya panyuwunanipun saged kasembadan. Iba elokipun
menawi para pitados ing jaman samangke kasinungan daya kasekten ingkang
kados makaten. Napa ing jaman samangke taksih wonten? Menawi wonten,
adhakanipun kathah tiyang ingkang badhe nyuwun sanjata pitulung lan
meguru dhateng tiyang kalawau.
Waosan kita nyariosaken kalih kaelokan ingkang kebabar ing sawijing kutha
wonten ing Samaria. Ingkang sepisan Filipus ingkang nindakaken kaelokan
nalika giyaraken pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus. Ingkang kaping
kalih Simon, ingkang nindakaken kaelokan sarana sihiripun ingkang saking
pamawas tiyang ugi winengku ing panguwaosipun Gusti. Nanging wonten
ing pangandikanipun Gusti punika Simon mratobat lan kababtis. Saking
mriku kita nggadhahi pamanggih bilih kasekten ingkang wonten ing Filipus
langkung ageng katimbang kasektenipun Simon. Saged ugi panguwaos ingkang
wonten ing Simon boten saking Gusti. Lan namung kangge damel kaeraman
lan kapentinganipun piyambak. Ananging ingkang wonten ing Filipus punika
saking Gusti lan kangge mbabar pakaryanipun Gusti ingkang mbeta
kawilujengan, ngruwat dosa lan saestu dados pepajaring gesang sagung titah.
Titikanipun bilih panguwaos punika saking Gusti punapa boten kawistara
ing paedahipun. Punapa punika kagem Gusti miwah sesami, punapa kagem
awakipun piyambak ingkang tundhanipun nuwuhaken raos malak lan
kumalungkung. Kita ingkang winengku ing sih lan panguwaosipun Gusti,
kaparingan berkah saking Gusti, tentu pitados bilih kita winengku ing Sang
Roh Suci, apangawak Panguwaos Sejati. Kita saged nindakaken kaelokan ingkang
ndatengaken tentrem rahayu, migunani tumrah ing sesami lan kaluhuranipun
Gusti. Gesanga ingkang dados kaluhuranipun Gusti Yesus. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ