Para Hakim 17:1-6; Jabur 96:1-9; 3 Yokanan 1:9-12
NULAD KANG BECIK
”He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala,
nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah,
nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah”
(3 Yokanan 1:11)
“Tuntunan dadi tontonan, tontonan dadi tuntunan”. Tetembungan
punika ateges bilih ingkang kedahipun dados pranatan kepara namung
kawaos kemawon tanpa katindakaken. Kosokwangsulipun, ingkang sejatosipun
namung tontonan kepara malah katampi minangka tuntunan gesang. Kenging
punapa tontonan saged malik dados tuntunan? Amargi kathah tiyang ingkang
kepengin ketingal kekinian piyambak utawi majeng piyambak babagan tren
ingkang nembe viral. Sangsaya cepet anggenipun niru tren ingkang nembe
moncer, langkung kathah pangalembana ingkang katampi. Kamangka,
ingkang moncer punika dereng tamtu sae lan maedahi tumrap gesang kita
minangka tiyang pitados.
Pangandikanipun Gusti wonten ing Serat 3 Yokanan 1:11 ngemutaken
kita supados nulad dhateng perangan ingkang becik. Ing kasunyatan, panci
nulad ingkang becik punika langkung awrat tinimbang nulad ingkang awon.
Nulad ingkang becik punika kalamangsanipun mbetahaken pangurbanan,
mbetahaken manah ingkang kiyat anggenipun nindakaken. Sinaosa awrat,
ananging ingkang becik punika ingkang badhe nuntun dhateng Gusti Allah,
awit ingkang sae punika pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak. Balik
sinten ingkang nindakaken perangan ingkang awon, tiyang punika
kadosdene ingkang boten wanuh kaliyan Gusti Allah.
Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tinimbalan nindakaken
samubarang ingkang becik sinaosa ngemu resiko lan kapitunan. Bilih miturut
etangan kadonyan, nindakaken kabecikan ngantos wonten pangurbanan
punika tumindak ingkang bodho. Ananging ingkang pitados saestu dhateng
Gusti mesthi ngugemi bilih ingkang kaanggep bodho tumrap jagad punika
minangka ingkang sae ing ngarsanipun Allah. Sumangga nulad ingkang
becik, ampun ingkang awon. |*WAS
