+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 16 Oktober 2026 Minggu Limrah

Pangandaring Toret 17:14-20; Jabur 96:1-9; 1 Petrus 5:1-5

KUDU NYANDHING ANGGER-ANGGER
“Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon,
banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitab
kang kadarbe dening para imam lan wong Lewi”
(Pangandharing Toret 17:18)

Punapa kuwajibanipun pangarsa ingkang sampun kapiji nalika pemilu
legislatif ing Indonesia? Temtu kedah nindakaken ayahan lan tanggel
jawabipun kanthi saestu. Nalika dipun kekahaken ing kalenggahan minangka
pangarsaning negari, tiyang-tiyang punika ugi kedah ngucapaken sumpah/
janji ing ngarsanipun Gusti srana janji ing sangajengipun Kitab Suci. Ananging,
sasampunipun lenggah ing panggenan ingkang inggil, lajeng kathah ingkang
kesupen babagan lelados dumateng masyarakat.
Kasus korupsi ing Indonesia kalebet inggil, lan sinaosa gadhah Komisi
Pemberantasan Korupsi (KPK), emanipun malah wonten peranganing KPK
piyambak ingkang nindakaken korupsi. Mila lajeng wonten tiyang ingkang matur
“Lha karo Gusti Allah wae ora wedi, apamaneh karo padha-padha manungsane?”
Waosan Kitab Suci wonten ing Pangandharing Toret 17:14-20 nelakaken
satunggaling perangan ingkang wigatos. Para ratu ingkang kapiji mimpin
nagari punika wajib nyandhing angger-angger ingkang saking Gusti lan
kedah dipun waos saben dinten. Kenging punapa wonten kuwajiban kados
makaten? Supados ingkang jumeneng nata punika tansah enget bilih
kalenggahan minangka ratu punika peparing saking Gusti Allah, lan angger-
angger saking Gusti Allah punika ingkang nuntun lan paring kawicaksanan
anggenipun mranata lampahipun negari.
Mbok menawi perangan ingkang sami saged dipun trepaken dhateng
pangarsa ing nagari kita. Sasampunipun nampi kalenggahan, wonten
wekdal mirunggan saben dinten kangge nyuraos bab kapitadosanipun srana
Kitab Suci. Ananging, temtu sedaya punika tanpa gina menawi pangarsa
punika namung migatosaken kapentinganipun piyambak. Kamangka, kalenggahan
ingkang inggil ngemu tanggel jawab ingkang langkung inggil ugi. Punapa
wonten ingkang sagah nindakaken ingkang kados makaten? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *