Musthikaning Kidung 7:10-8:4; Jabur 34; Yokanan 6:25-35
KANG ORA KENA ING RUSAK
“Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak,
nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang
bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang
kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus
disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.” (Yokanan 6:27)
Ing jaman punika manungsa gesangipun sangsaya gampil amargi
kemajengan teknologi. Prekawis punika njalari manungsa ugi langkung remen
nindakaken pakaryan kanthi pambiyantu teknologi (utawi kawastanan kerja
cerdas) tinimbang nindakaken pakaryan kanthi mempeng (utawi kerja
keras). Sikep gesangipun manungsa ugi wiwit ngalami ewah-ewahan. Ingkang
suwaunipun sami migatosaken liyan, samangke dados boten preduli amargi
namung migatosaken gesangipun piyambak. Tiyang-tiyang sami pamer
kaunggulan dhirinipun ing media sosial kanthi tujuan nggunggung dhiri.
Lare enem sami ngupaya dados misuwur tanpa migatosaken malih babagan
tata krama. Sedaya punika katindakaken supados angsal pakurmatan ing
pasrawungan.
Yokanan 6:27 ngemutaken kita supados enget bilih boten sadaya
tumindak ingkang kados makaten nglaha lan mboten sae. Sedaya raja-brana,
pakurmatan, lan kaunggulan punika kadosdene perangan ingkang gampil risak,
amargi namung wonten ing alam donya punika. Ing wancinipun mangke,
ingkang ketingal wah punika namung dados pangenget kemawon. Tiyang
pitados langkung prayogi ugi migatosaken prekawis-prekawis ingkang ngarah
dhateng gesang langgeng. Sinaosa pancen kabetahan padintenan punika
kedah dipun upadi, ananging perangan ingkang sipatipun langgeng sampun
ngantos kita lirwakaken, mumpung taksih kaparingan wewengan gesang.
Punapa kemawon perangan ingkang boten saged risak punika?
Perangan kadosdene katresnan, setya tuhu, panggulawentah ingkang sae,
lan taksih kathah malih. Sedaya punika saged dados perangan ingkang
saestu aji. Tiyang pitados kedah enget kaliyan ingkang boten badhe risak,
sinaosa ing tembe wingking raga kita piyambak badhe risak. Sampun
ngantos ingkang sipatipun kadonyan punika ngawonaken pambudidaya kita
ingkang asipat langgeng. |*WAS
