Amos 9:5-15; Jabur 34; Filipi 3:13-4:1
”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN”
”nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing
buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu
marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang
saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus” (Fil 3:14)
Sinten ingkang saged ngambali malih wekdal ingkang sampun kalampahan?
Boten wonten manungsa ingkang saged. Boten wonten titah ing jagad punika
ingkang saged wangsul malih ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Mila
punika, wonten tetembungan ingkang mratelakaken supados nggemeni wekdal,
utawi ngginakaken wekdal kanthi prayogi mumpung taksih kaparingan
wewengan. Asring manungsa rumaos kuciwa amargi wonten prekawis
ingkang kalampahan lan boten laras kaliyan pepenginanipun. Nalika ngalami
ingkang kados makaten, kita gampil nglepataken dhiri pribadi, ugi saged
nglepataken tiyang sanes. Kamangka, punika namung babagan raos getun
amargi boten saged ngambali wekdal malih.
Filipi 3:14 ngemutaken kita sedaya bilih saben tiyang temtu kagungan
bab-bab ingkang dereng sampurna ing wekdal ingkang sampun kalampahan.
Ananging Rasul Paulus memulang supados kita boten ndadosaken bab
punika minangka pambengan ngestokaken timbalan gesang saking Gusti.
Rasul Paulus pitados bilih Gusti Allah nimbali manungsa ndherek wonten
ing pakaryan kawilujengan punika boten adhedhasar bab-bab ingkang
sampun kalampahan, ananging babagan sinten ingkang samekta. Rasul
Paulus piyambak ing wiwitan nggadahi peranganing gesang ingkang boten
mranani ing Gusti. Pranyata, punika mboten mambengi Gusti Allah
anggenipun kepareng nimbali Rasul Paulus dados sarana Injil Kratoning
Allah sumrambah ing bumi.
Saben tiyang temtu gadah bab-bab ingkang dereng rampung ing wekdal
kepengker. Ananging sampun ngantos bab punika dados pambengan tumrap
kita. Ingkang wigati inggih punika, sanes menapa ingkang sampun kelampahan
ing wekdal kepengker, ananging punapa kita samekta ngowahi dhiri kangge
wekdal ingkang badhe kelampahan. |*WAS
