Yehezkiel 18:5-18; Jabur 25:1-9; Lelakone Para Rasul 13:32-41
TANGGEL JAWAB
“…wong mangkono iku ora bakal mati marga saka
kaluputane bapakne,mesthi urip”
(Yehezkiel 18:17b)
Kanca-kancane Trisno ora trima yen Trisno dilereni anggone nyambut
gawe neng Perpustakaan. Sore iku Trisno digruduk kanca-kancane sing arep
mbelani neng ngarepe Kepala Perpustakaan. Nanging Trisno menggak; “Ora
usah, cah. Mengko kowe mundhak susah dhewe. Dak tanggunge dhewe,
bokmenawa lelakon iki ana supaya mbesuke aku luwih ngati-ati”
Nalika semanten bangsa Israel nembe kemawon wangsul saking
pambuwangan ing Babil lan manggihaken bilih Yerusalem sarta Pedaleman
Suci awujud jugrugan. Kawontenan pancen saweg kirang sakeca, langkung-
langkung bangsa-bangsa ing sakiwa-tengen Israel sami boten remen lan
nguci cilakaning bangsa Israel. Kawontenan punika damel sakwetawis
tiyang Israel sami ngangluh lan ngedumel awit rumaos bilih sapunika sami
ngrekaos awit tumindakipun para leluhuripun. Mila Gusti Allah dhawuh
dhateng nabi Yehezkiel nedahaken dhateng pasamuwan bilih saben tiyang
punika nanggel pandamelipun piyambak.
Ingkang kaweca lumantar nabi Yehezkiel punika jumbuh kaliyan pawartos
ingkang kabekta dening para Rasul; kalebet ingkang kawartosaken dening
Rasul Paulus lan Barnabas dhateng tiyang Yahudi ing Pisidia. Rasul Paulus
nedahaken bilih pancen para pangarsaning agami Yahudi ingkang nyedani
Gusti Yesus, nanging sadaya tiyang Yahudi boten prelu nanggel kalepatanipun
uger purun mratobat lan pitados bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih ingkang
kautus dening Gusti Allah kangge ndhatengaken kawilujengan dhateng jagad.
Mirengaken pawartos punika, lajeng wonten sakwetawis tiyang Yahudi
ingkang manjing pitados.
Paseksining Kitab Suci punika memulang dhateng kita dados wicaksana
supados tansah setya lan mbangun turut dhateng Gusti Allah saktemah
boten badhe kelampahan tumindak kita samangke mitunani sesami utawi
tedhak-turun kita. Dene menawi tiyangsepuh kita ngantos dhawah ing dosa,
sampun ngantos enut. Kosokwangsulipun, kita kedah wantun milih gesang
netepi sabdaning Allah. |*GPY
