+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 24 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 12:17-28; Jabur 25:1-9; Yakobus 4:11-16

KARSANIPUN GUSTI DAMEL WICAKSANA
“Nanging sakikine sing kokegungake iku umukmu”
(Yakobus 4:16a)

Trisno ditimbali malih dening Kepala Perpustakaan. Wiwit dina iki Trisno
wis ora kena nyambi neng Perpustakaan maneh. Dheweke dianggep ora
bisa nyambutgawe lan wis nindakake kaluputan. Trisno mung bisa nampa
putusan lan nyuwun ngapura yen wis nindakake kaluputan. “Sing penting
aku duwe pengalaman lan isih oleh mlebu Perpustakaan nggo sinau karo
golek buku”; batine Trisno mupus gelane.
Sinaosa gadhah, nanging asring manungsa boten ngginakaken nalar
bebudenipun kanthi prayogi. Asring manungsa umuk awit kaereh dening
nepsu mila boten saged ningali prekawis kanthi prayogi saktemah boten
saged damel putusan ingkang prayogi kangge ngrampungi prekawis punika;
kepara prekawisipun sangsaya ndadra, natoni manahipun sesami lan dados
dosa. Mila dhateng pasamuwanipun Gusti, Rama Yakobus ngemutaken
supados sami andhap asor ingkang kawujudaken ing saklebeting patrap
boten njeksani sesami lan pasrah sumarah ing karsaning Allah.
Njeksani sesami punika satunggaling wujud gumunggung awit tiyang
nggadhahi pamanggih bilih piyambakipun mesthi leres lan tiyang sanes
mesthi lepat. Menawi sampun tumindak mekaten, tiyang sampun boten
malih ngginakaken nalar bebuden kanthi prayogi. Langkung-langkung menawi
nggadhahi pepinginan, tiyang saged ngantos nindakaken bab-bab ingkang
boten prayogi. Supados tebih saking tumindak punika, pasamuwan kedah
mbangun patrap pasrah sumarah dhateng kersaning Allah. Patrap ingkang
mekaten badhe damel manungsa tebih saking patrap kumarungsung,
nanging kanthi andhap asor ngudi karsaning Allah; inggih punika katresnan.
Kanthi katresnan, manungsa badhe langkung wicaksana ngadhepi lan
ngrampungi prekawising gesang. Katresnan ingkang dunungipun saking Gusti
Allah damel manungsa wicaksana; inggih punika boten badhe gampil umuk
lan njeksani sesami. Sumangga pasamuwanipun Gusti mbangun pakulinan
ngudi karsaning Allah ing sakdhengah kawontenan supados boten gampil
umuk saktemah natoni lan njeksani sesami saktemah dados dosa. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *