Yesaya 41:1-13; Jabur 106:1-12; Mateus 18:1-5
NGASORAKEN DHIRI PURUN NGAKENI
“Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki,
kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga”
(Mateus 18:3b)
Trisno ditimbali dening Kepala Perpustakaan. Dheweke didukani lan
didakwa nggawe kaluputan sing gawe rusake sistem Perpustakaan sing
njalari Mahasiswa kangelan olehe arep nyilih karo mbalekake buku. Pancen
bengi kuwi Trisno dipasrahi mateni komputer, nanging rumangsane dheweke ora
kliru mejet. Pak Wiryo ngajari yen masalah kudu diadhepi lan dirampungi,
mula Trisno ngucap; “Menawi pancen lepat, kula sumedya tanggeljawab!”
Gusti Yesus nedahaken bilih ingkang katampi lumebet lan pinunjul ing
Kraton Swarga punika tiyang ingkang purun mratobat, ngasoraken dhiri lan
dados kados dene lare alit. Piwulang punika ngemutaken bilih supados
kepareng lumebet ing Kraton Swarga, manungsa kedah mratobat kanthi
ngakeni kalepatanipun. Punika boten gampil awit manungsa asring nganggep
bilih dhirinipun sampun leres. Mangka kangge mratobat, manungsa kedah
purun ngasoraken dhiri kanthi ngakeni bilih tumindak lan pocapanipun lepat.
Dene menawi purun mratobat, Gusti Allah badhe ngapunteni kalepatanipun
saktemah kepareng lumebet ing Kraton Swarga. Tumindak ngasoraken dhiri
punika langkung asring ketawis ing gesangipun lare alit katimbang tiyang
diwasa. Kenging punapa? Tiyang diwasa punika sampun pinter endha saking
kasunyatan lan nggadhahi kathah pepinginan; dene lare alit punika manahipun
tulus lan pepinginanipun prasaja. Mila nalika nggadhahi prekawis; lare alit
gampil ngakeni lepat, purun nyuwun sarta nampi pangapunten lan boten
ngenget-enget malih dhateng prekawis ingkang sampun kelampahan awit
namung kapengin nggadhahi sesambetan ingkang sae.
Pokok-Pokok Ajaran GKJ nedahaken bilih ingkang kawilujengan punika
nalika manungsa nggadhahi sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah lan
sedaya tumitah (pitakenan lan wangsulan nomer 20). Cundhuk kaliyan
piwulangipun Sang Kristus, pasamuwan katimbalan kados dene lare alit
ingkang kanthi andhap asor purun ngakeni kalepatan saktemah dipun
keparengaken lumebet ing Kraton Swarga. |*GPY
