Purwaning Dumadi 28:10-17; Jabur 106:1-12; Rum 16:17-20
PRASETYA
“Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki
Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira
turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.”
(Purwaning Dumadi 28:13)
Trisno netepi janji niliki kanca-kanca neng kos lawas karo nggawakake
tahu bacem karo tempe kripik gaweyane biyunge. Nalika tekan kos, Trisno
seneng nyawang merga saiki kahanane luwih apik. Yen kepungkur kanca-
kancane mung njagakake dheweke, saiki wis padha duwe tanggungjawab
resik-resik. “Yen sesuk kahanane tetep apik kaya ngene, aku gelem dolan
mrene maneh”; mangkono janjine Trisno.
Yakub mlajar saking Esap nuju dhateng Haran kangge nuweni Laban,
pamanipun. Awit srengenge sampun surup, piyambakipun badhe ngaso.
Nalika tilem, Yakub ngimpi. Ing saklebeting impen, Gusti Allah ngandika bilih
Panjenenganipun punika Allahipun Abraham lan Iskak. Sabda punika nedahaken
bilih Gusti Allah boten supe dhateng prasetyanipun; inggih punika badhe
paring tedhak-turunipun Rama Abraham ingkang badhe nampi tanah prajanjian
punika kathah cacahipun kados lintang ing langit lan wedhi ing pinggiring segara.
Awit Gusti Allah tansah netepi prasetyanipun, manungsa kedah caos sokur
ingkang kawujudaken kanthi netepi dhawuh pangandikanipun Allah. Rasul
Paulus ngemutaken supados pasamuwan maspadakan piwulang nasar ingkang
kabekta dening guru palsu. Punapa titikanipun guru palsu? Tiyang-tiyang
punika sami ngawula dhateng wetengipun, boten dhateng Gusti Yesus.
Tembung-tembung ingkang pun agem muluk-muluk lan basanipun manis
awit piyambakipun nindakaken apus krama kangge milut pasamuwan ingkang
sami tulus manahipun. Mila Rasul Paulus ngemutaken supados pasamuwan
sami pinter tumrap punapa ingkang sae lan kalis saking sakathahing piala.
Tegesipun punapa? Pasamuwan katimbalan supados sami ngudi sabdaning
Allah supados dados wicakcana saktemah saged njagi dhirinipun saking
sakathahing piawon.
Tembung prasetya punika ngemu teges bilih ingkang sami aprajanji
nggadhahi tanggeljawab netepi prasetyanipun. Awit Gusti Allah boten nate
mblenjani, mila pasamuwan mbudidaya netepi prasetyanipun; inggih punika
gesang setya-bekti lan mbangun-turut dhateng Gusti Allah. |*GPY
