+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 16 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 50:22-26; Jabur 133; Markus 11:20-25

NGAPUNTEN-INGAPUNTENAN
“lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu
marang wong ing sakjroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu
kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu”
(Markus 11:25)

Karo numpak bus, Trisno ngungun kenapa dheweke bisa serik marang
bapakne. Pancen pak Wiryo galak, apamaneh karo anak. Trisno wis tau
nalika udan deres dipeksa mlaku payungan mangkat neng Greja sing papane
rada adoh saka omah supaya bisa melu Katekisasi mangka dheweke
kapengin ngaso sakulihe kudanan saka sekolahan. Trisno uga tau dibalang
pak Wiryo nganggo gitik merga ora gelem diutus bu Minal tuku uyah neng
warung. Nanging nalika saiki bisa ngrasakake paedahe, Trisno getun. Sirahe
ndingkluk, atine ndedonga nyuwun pangapuraning Allah dene tau duwe
rasa serik marang bapakne.
Saben tiyang pitados mesthi ngunjukaken pandonga dhateng Gusti
Allah. Isining pandonga pancen maneka-warna, nanging ingkang asring
kaunjukaken punik panyuwunan. Tiyang nyenyuwun dhateng Gusti Allah
awit pitados bilih panyuwunanipun badhe kasembadan. Nanging nalika
tindak langkung wit anjir ingkang garing Gusti Yesus memucal bilih nalika
ndedonga kejawi kedah pitados bilih ingkang kasuwun sampun kaparingaken,
para sekabat kedah langkung rumiyin ngapunteni tiyang ingkang damel
panggresah ing saklebeting manah. Bab paring pangapunten punika wigati
awit punapa paedahipun panyuwunanipun kasembadan nanging dosa lan
panerakipun boten kaapunten dening Gusti Allah?
Pancen boten gampil ngapunteni tiyang ingkang sampun natoni
manah; punapa malih ingkang biasanipun saged natoni manah punika
tiyang-tiyang ingkang kaanggep celak. Nanging menawi taksih ngendhem
sengit kaliyan sadherek, brayat utawi tanggi; temtunipun ndadosaken
sesambetan boten sakeca, mangka ing wekdal tertemtu mesthi badhe
samidene mbetahaken pitulungan. Nalika sami dene sungkan nyuwun lan
asung pitulungan, temtu tiyang badhe ngadhepi kawontenan ingkang ewed ing
gesangipun. Sumangga sinau purun ngapunten-ingapuntenan kados dene
sang Yusuf ingkang purun ngapunteni sadherek-sadherekipun saktemah
sami lestantun turunipun. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *